99.The Earthquake

  1. Nalikane ana lindhu gedhe, bumi banget anggone gonjang - ganjing
  2. Bumi metokake isine (momotane)
  3. Manungsa padha ngucap: "Ya gene ana lindhu gedhe
  4. Ing dina iku bumi anjelentrehake pawartane
  5. Sebab Pangeranira dhawuh marang bumi
  6. Ing dina iku paramanungsa bakal padha metu dhewe - dhewe perlu padha diweruhi pituwasing lakune
  7. Sing sapa nalika ana donya ngelakoni kabecikan senajan mung saboboting semut bakal weruh ganjarane
  8. Sing sapa ngelakoni ala, senajan mung saboboting semut hiya mesti weruh patrapane