Sarupane wong kafir kang padha duwe wewatun Kitab, lan wong kang padha nyembah brahala ora gelem mareni kafir ngati katekan tandha yekti
(Muhammad) iku utusaning Allah ngundhangake Quran kang suci
Ing jerone mratelakake hukum kang bener
Lan para kang wis kaparingan kitab mau anggone padha pasulayan (bab pangandel marang Muhammad) sawuse katekan tandha yekti
Lan dheweke iku ora diparentahi apa - apa kajaba laladi ing Allah jejeg anggone nglakoni agamane, lan nglakoni sholat, bayar zakat, hiya iku agama kang bener
Sarupane wong kafir kang nduwe wewaton kitab lan wong kang nyembah brahala, ing tembe disiksa ing neraka Jahanam langgeng salawase awit dheweke titahe Allah kang hala dhewe
Dene sarupane wong kang angestu lan nindakake panggawe becik yaiku becik-beciking manungsa
Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga 'Adn kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon ing kono langgeng salawase Allah rena marang dheweke lan dheweke rena marang Panjenengane. Mangkono uku tumrap sapa ing wedi marang Pangerane