96.The Clot

  1. (Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake
  2. Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel
  3. Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya
  4. Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam
  5. Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh
  6. Nanging satemene manungsa iku kebangeten
  7. Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh)
  8. Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah
  9. Kapriye penemunira wong kang menging
  10. Sawijining abdi samongsa sholat
  11. Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener
  12. Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala)
  13. Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos
  14. Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani
  15. Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke)
  16. Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput
  17. Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung
  18. Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah
  19. Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud