94.The Consolation

  1. (Muhammad) apa Ingsun ora wus madhangake atinira
  2. Lan wus ngenthengake gendhonganira kang abot, anggonira dadi utusan
  3. Kang ngebot - ngeboti gegerira
  4. Lan wus junjung sira bab kasebute jenengira (samongsa asmaningsun disebut, jeneng ira uga disebut)
  5. Temen sawuse nglakoni rekasa bakal nemu gampang
  6. Nyata sawuse ngelakoni reaka mesthi nemu gampang
  7. Samongsa wis rampung (saka salah sijine urusan) banjur nyerempenga urusan liyane
  8. Lan marang Pangeranira iku mligi dadia tujuanira