92.The Night

  1. Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge
  2. Lan awan nalikane lahir gumelar
  3. Sarta tumitahing lanang lan wadon
  4. Satemene lakunira para manungsa, beda - beda
  5. Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala)
  6. Lan benerake kang becik
  7. Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang
  8. Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah)
  9. Apa dene nampik barang kang becik
  10. Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel
  11. Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna
  12. Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun
  13. Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan
  14. Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad
  15. Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka
  16. Kang maido kasunyatan lan mlengos
  17. Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala)
  18. Kang mewehake bandhane, anuceni dirine
  19. Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah
  20. Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur
  21. Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran