91.The Sun

  1. Dhemi srengenge lan sorote
  2. Dhemi rembulan nalikane mencorong
  3. Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange
  4. Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge
  5. Lan langit sarta yasane
  6. Sarta bumi tuwin gumelare
  7. Apa dene jiwa tuwin sampurnane
  8. Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau
  9. Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja
  10. Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane
  11. Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare
  12. Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul)
  13. Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene
  14. Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh
  15. Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate)