90.The City

  1. Ingsun supata, demi negara Mekkah iki
  2. Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki
  3. Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake)
  4. Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa
  5. Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake
  6. Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang
  7. Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran
  8. Apa Ingsun ora wis maringi mata loro
  9. Lan ilat, apa dene lambe loro
  10. Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke
  11. Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen
  12. Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener
  13. Yaiku (kayata) merdikaake kawula
  14. Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan
  15. Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak
  16. Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah
  17. Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan
  18. Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen
  19. Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa
  20. Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci