89.The Dawn

  1. Demi wayah bangun esuk
  2. Demi malem tanggal sepuluh (sasi Dzul Hijjah)
  3. Demi cacah genep lan cacah ganjil
  4. Demi wengi kang kawitan lan wekasan
  5. Anggoningsun supata mangkono mau (sing bisa ditampa) wong kang ana akale
  6. Sira apa ora andeleng Allah Pangeranira anggone numpes wong 'Aad
  7. (Bongsa) Iram, tur padha gagah prakosa lan gedhe dhuwur
  8. Kang ing negara (liyane) ora ana kang diparingi kaya mangkono
  9. Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jurang - jurang
  10. Lan anggone numpes Fir'aun kang duwe bala
  11. Kang atindak gumedhe ana ing negara - negara
  12. Banget anggone gawe rusak ana ing negarane
  13. Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna - warna marang dheweke
  14. Satemene Allah Pangeranira angawasake
  15. Wondene manungsa iku manawa dicoba dening Pangerane anyoba marang awake, nuli maringi kamulyan lan kamukten banjur kondha, "Pangeranku mulyakake aku
  16. Nanging samongsa dicoba (liyane) banjur rejekine dicumpi banjur kondha, "Pangeranku anginakake aku
  17. Ora! nangeng kowe padha ora gelem welas asih marang bocah yatim
  18. Lan ora akon aweh pangan marang wong miskin
  19. Lan padha ngukub tinggalane wong mati kelawan banget
  20. Lan padha dhemen banget bondho
  21. O, samongsa bumi rinemuk ajur - mumur
  22. Parentahe Pangeranira kaleksanan lan malaekat jejer - jejer
  23. Ing dina iku neraka Jahan ditekakake. Ing dina iku wong bakal eling nanging apa gunae eling iku
  24. Dheweke bakal kondha, "O, bok aku iki biyen duwea ngamal kanggo uripku saiki iki
  25. Ing dina iki ora ana wong bisa nguasani siksaning Allah
  26. Lan ora wong bisa nyentosani kaya anggone nyentosani Allah
  27. E, jiwa kang tentrem
  28. Sira baliya seba ing ngarsane Pangeranira, kelawan lega, tampa ganjaran, tur kalilan marga saka lakunira becik
  29. Sira malebua golongane para kawulaningsun kang becik
  30. Lan malebua ing suwarganingsun