88.The Overwhelming

  1. Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales
  2. Ing dina iku akeh awak padha konjem
  3. Padha ngelakoni kangelan lan rekasa
  4. Lumebu ing geni murub
  5. Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)
  6. Ora padha oleh pangan, kejaba eri
  7. Ora bisa ngelemoni lan ora maregi
  8. Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak
  9. Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik
  10. Manggon ana ing taman kang linuhung
  11. Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala
  12. Ing kono ana bengawane mili
  13. Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur
  14. Sarta pinggan unjukan kang wus tinata
  15. Lan bantal kang jejer - jejer
  16. Apa dene babut kang gumelar
  17. Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake
  18. Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur
  19. Lan gunung - gunung anggone padha didegake
  20. Lan bumi anggone di gelar
  21. Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)
  22. Sira dudu wajibe meksa marang dheweke
  23. Amung wong - wong kang malengos lan maido
  24. Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe
  25. Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)
  26. Nuli padha Ingsun timbang hala becike