87.The Most High

  1. Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur
  2. Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga
  3. Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik
  4. Lan kang angetokake thethukulan
  5. Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning
  6. Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali
  7. Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar
  8. Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang
  9. Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani
  10. Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling
  11. Dene wong kang cilaka bakal angedohi
  12. Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe
  13. Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip
  14. Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine
  15. WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat
  16. Nanging sira padha milih kauripan dunya
  17. Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)
  18. Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna
  19. Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa