86.The Morning Star

  1. Demi langit lan kang teka ing wajah wengi
  2. Sapa kang meruhake sira, apa kang teka ing wajah wengi iku
  3. Yaiku lintang kang padange nembus peteng
  4. Siji - sijine pengawal awak iku ora ana kang tanpa pengawal
  5. Mulane, Manungsa amaspadakna, awake iku apa sing digawe
  6. Sing digawe saka banyu sing mancrut
  7. Metu saka ing antarane geger lan iga
  8. Allah kuwasa nguripake manungsa sawuse mati
  9. Hiya iku besuk dina qiyamat nalika wadi padha kawiyak
  10. Ora bakal dheweke duwe kekuatan nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi
  11. Demi langit kang ana udane
  12. Demi bumi kang bledhag metu thetukulane
  13. Temen Al-Quran iku pangandikaning Allah kang bedakake bener lan luput
  14. Dudu sembranan lan jelomprongan
  15. Wong kafir padha nandukake pahekan kang elek banget
  16. Ingsun uga males pahekane si kafir
  17. (Muhammad) Mulane para kafir srantekna, Ingsun uga nyerantekke sawatara rusake si kafir mau