85.The Constellations

  1. Demi langit kang duweni lintang - lintang
  2. Demi dina kang dijanjekake (mesthi kelakon)
  3. Demi seksi lan kang disekseni
  4. Wong kang padha duwe jogangan utawa biyantu (padha kena benduning Allah)
  5. Jogangan mau isi geni murub
  6. Nalika dheweke lungguh sakiwa thengene
  7. Padha nyumurupi anggone milara para wong kang ngestu
  8. Anggone milara mau dumeh wong kang angestu padha percaya Allah kang Maha Mulya tur Pantes Pinuji
  9. Kang kagungan kraton langit lan bumi, Allah Mirsani samu barang
  10. Sarupane wong kang maeka utawa milara wong kang angestu lananga wadona, sarana diobong kang mangka ora tobat padha dipatrapi siksa neraka Jahannam minongka patrapan anggone ngobong wong kang angestu
  11. Sarupane wong kang angestu kang nglakoni panggawe becik bakal apdha tampa ganjaran suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon kang mangkono aran kabegjan gedhe
  12. Satemene siksane pangeranira abot
  13. Allah kang murwani gawe makhluk banjur nguripake maneh
  14. Allah kapareng ngapura tur asih marang kawulane
  15. Ingkang kagungan singgasana, ingkang minulya
  16. Kang nindakake samu barang kang dadi kersane
  17. Sira apa wus tampa dhawuh cerita tumpese bala akeh
  18. Fir'aun lan Tsamud
  19. Dene ummat ira kang padha kafir siksane marga kaluputan anggone padha maido
  20. Allah iku kaweruhe lan kuasane nglimputi para kafir kabeh
  21. Al-Quran iku kitabe Allah kang agung
  22. Kasimpen ana ing Lauhul Mahfudz