84.The Splitting Open

  1. Nalikane langit iku pecah
  2. Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake
  3. Lan nalikane bumi dirata
  4. Lan metokake isen - isene nganti resik kothong
  5. Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake
  6. Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik
  7. Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu)
  8. Bakal ditimbang kelawan entheng
  9. Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah
  10. Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir)
  11. Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak
  12. Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir
  13. Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir)
  14. Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah
  15. Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir)
  16. Ingsun supata, "Demi mega abang
  17. Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi
  18. Demi rembulan lan nalikane purnama
  19. Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin
  20. Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah)
  21. Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud
  22. Wong kafir malah padha maido al-Qur'an
  23. Allah nguningani luguning atine anggone maido
  24. Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani
  25. Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot