82.The Cleaving

  1. Samongsa langit wis belah
  2. Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar
  3. Lan samongsa segara - segara padha dibludagake
  4. Lan samangsa kubur - kubur padha binukak
  5. Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake
  6. O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya
  7. Kang wis gawe awakira genep waras lan patut
  8. Allah namtokake rupanira miturut sakersane
  9. O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese
  10. Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira
  11. Para juru nulisi minulya
  12. Padha meruhi apa kang padha sira lakoni
  13. Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha
  14. Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub
  15. Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan
  16. Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono
  17. Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
  18. Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
  19. Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah