81.The Overthrowing

  1. (Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit
  2. Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi
  3. Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun
  4. Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon
  5. Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake
  6. Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni
  7. Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake
  8. Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu
  9. Dosa apa anggone padha dipateni mau
  10. Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar
  11. Lan nalikane langit disingkerake
  12. Lan nalikane neraka jahim diurubake
  13. Lan nalikane suwarga dicepakake
  14. Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni
  15. Ingsun supata, dhemi lintang - lintang
  16. Kang lumaku turut dalane banjur surup
  17. Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng
  18. Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange
  19. Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril)
  20. Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur
  21. Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya
  22. Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah
  23. Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan
  24. Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib
  25. Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi
  26. Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu
  27. Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa
  28. Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener
  29. Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake