80.He frowned

  1. Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos
  2. Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum)
  3. Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine
  4. Utawa nganggep wewulang mau migunani
  5. Dene wong kang sugih bandha
  6. Sira resep marang wong mau
  7. Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira
  8. Dene wong wuta kang gagancangan sowan
  9. Iku wong sing taat (tunduk)
  10. Sira klewa - klewa marang wong wuta mau
  11. Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi
  12. Sing sapa gelem ngistokake
  13. Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an)
  14. Linuhurake, sinucekake
  15. Ing tangen juru tulis
  16. Minulya, tulus
  17. Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima
  18. Saka barang apa ta kadadeyane
  19. Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke
  20. Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi)
  21. Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem
  22. Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau
  23. Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah
  24. Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan
  25. Ingsun ngesokake banyu udan saka mega
  26. Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane
  27. Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi
  28. Lan anggur sarta woh kang migunani
  29. Lan wit zaitun, apa dene wit kurma
  30. Lan palemahan kang ana kayone gadhe
  31. Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya
  32. Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira
  33. Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat
  34. Dinane wong aninggal lumayu sadulure
  35. Lan ngedohi bapa - biyunge
  36. Lan ngedohi bojone apadene anak - putune
  37. Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane
  38. Akeh rahi kang mencorong cahyane
  39. Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin)
  40. Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah
  41. Saking dening ireng lan petening hulate
  42. Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala