78.The Announcement

  1. Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir)
  2. Padha takon bab pawarto gedhe
  3. Panemune bab pawarta mau beda - beda
  4. Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane
  5. Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane
  6. Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan
  7. Sarta gunung - gung minangka gegeneng
  8. Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon
  9. Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso)
  10. Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian)
  11. Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa
  12. Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira
  13. Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge
  14. Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung
  15. Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji
  16. Apa dene palemahan kang kebak tetanduran
  17. Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa
  18. Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan
  19. Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang
  20. Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana)
  21. Sayekti neraka jahanam wis sumadiya
  22. Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir
  23. Padha manggon tetahunan tanpa wekasan
  24. Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben
  25. Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget
  26. Iku patrapan kang wurwat (karo kaluputhe)
  27. Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike
  28. Pada maido al-Quran ayatingsun
  29. Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab)
  30. Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa
  31. Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan
  32. Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang
  33. Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran)
  34. Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci
  35. Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido
  36. Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira
  37. Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane
  38. Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener
  39. Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane
  40. Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae