Temen wus tumeka marang manungsa sawijining waktu, nalikane dheweke dudu barang kang kocap
Sayekti Ingsun nitahake manungsa saka nutfah kang campur, dheweke bakal Ingsun coba, mulane Ingsun dadekake bisa ngrungu, bisa deleng
Sayekti Ingsun anuduhake dalane, apa dheweke arep sukur apa arep maido (kufur)
Ingsun nyadhiani rante lan belenggu marang para wong kafir apa dene Ingsun sadiyani neraka Sa'ir
Sarupaning wong kang padha ngestokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga padha ngombe saka pinggan kang campurane toya kafuur (jenenge sumber banyu ing suwarga)
Para kekasihe Allah padha ngombe banyu sumber kang diilekake kelawan gampang
Mulane tampa ganjaran samono, awit para kekasih mau padha netepi kuwajibane ngabekti ing Allah (ngelaksanaaken nadzar) lan padha wedi dina Qiyamat kang wartane dadi horege bumi (mratani bumi)
Sarta aweh pangan, amarga saka tresnane ing Panjenengane, marang wong miskin sarta bocah yatim apa dene wong tawanan (kinunjara)
Anggonku aweh panganan marang kowe iku mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarep - arep wewales utawa panarima saka kowe
Aku wedi ing Allah Pangeranku besuk ing dina Qiyamat
Mulane Allah ngersakake para kekasihe mau didohake saka sarupane hala lan padha diparingi rupa bagus lan ulat bingar ati bungah
Allah ganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kekasihe amarga anggone padha sabar
Ana ing kono padha linggih ana dipan ora kroso panas lan adhem padhang tanpa srengenge lan rembulan
Kekayoning suwarga kang cedhek wohe gampang banget dipethik
Padha diladeni nganggo wadhah selaka tuwin pinggan kang bening kaya kaca
(Bening) kaya kaca - kaca (kang digawe) saka perak sing diukir dheweke sak apik - apike
Ing suwarga mau dheweke diladeni unukkan kang campurane jahe
Saka sumber banyu sajeroning suwarga arane Salsabil
Padha diladeni para peladen nom - noman kang tetep enome pandelengira marang dheweke mau saking dening baguse prasasat mutiara durung dironce
Manawa sira deleng suwarga kaya sarupangin kabungahan lan kraton gedhe
Dheweke dienggon - enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang emas apa dene bakal rinengga gelang salaka, lan Pangerane aparing ngombe dheweke omben - omben kang suci
Sayekti iku pituwas marang sira lan budi dayamu bakal winales
Sayekti Ingsun andhawuhake al-Quran marang sira kalawan dhumawuh (saka sathithik)
Mulane sira narimaa hukume Pangeranira lan aja manut wong duraka utawa wong kafir
Lan nyebuta asmaning Pangeranira (ana sajeroning sholat) wayah isuk lan sore
Lan ing wayah wengi shalata lan sujuda ing Allah, apadene nyebuta Maha Suci ing Allah ing wayah wengi, kang dawa
Awit satemene wong kafir iku padha dhemen oleh kabungahan kencengan lan ora perduli dina Qiyamat, kang bakal kelakon ing buri, kacarita akeh pakewuh kang abot
Ingsun wis gawe wong kafir mau sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parenge kersaningsun wong kafir mau Ingsun gawekake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane bakal numpes dheweke
(Surat/ayat iku) dadi wewulang sing sapa dhemen wewulang mau dienggo wewaton ngabekti ing Allah Pangerane
Lan ora bakal sira gelem kajaba yen Allah ngarsakake. Sayekti Allah iku ngudaneni tur wicaksana
Panjenengane ganjar wong kang dadi parenge kersane, dilebokake ing suwarga rahmate Allah, lan ngancam siksa nglarani tumrap para nganiaya