74.The Cloaked One

  1. wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih. . He wong kang mujung (Muhammad)
  2. Sira ngadeka lan elingna
  3. Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira
  4. Tuwin angresikna sasandanganira
  5. Apa dene angedohna jejember
  6. Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh
  7. Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira
  8. Amarga samangsa slompret tiniyub
  9. Ing dina iku kena diarani dina rekasa
  10. TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang
  11. Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake
  12. Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber
  13. Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk
  14. Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata
  15. Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana
  16. Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun
  17. Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke
  18. Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake
  19. Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake
  20. Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake
  21. Banjur angawasake
  22. Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit
  23. Banjur mungkur sarta gumedhe
  24. Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen)
  25. (Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae
  26. Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar
  27. Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar
  28. Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak
  29. Tur gosongake kulit
  30. Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga
  31. Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa
  32. Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran
  33. Demi wengi nalikane mungkur
  34. Demi wajah Shubuh nalikane padhang
  35. Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe
  36. Kanggo medheni marang manungsa
  37. Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya
  38. Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene
  39. Kajaba para kang ana ing tangan tengen
  40. Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon
  41. Prakara wong kang padha dosa
  42. Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka
  43. Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat
  44. Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin
  45. Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan
  46. Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale
  47. Ngantos datengipun pejah kula
  48. (Pangendikaning Allah) Mulane syafa'ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke
  49. Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran)
  50. Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget
  51. Kan anggeblas ngoncati: singo barong
  52. Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar
  53. Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat
  54. Temen iku sawijining pepeling
  55. Lah sapa sing gelem, angelangana iku
  56. Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura