Sira tangiya sholat ing wayah wengi mung kena leren sedhela (kanggo turu)
Sholata setengah wengi utawa suda sethithik (dadi mung saprotelone wengi)
Utawa tambahan (dari rong protelon wengi) sarta macaa al-Quran kang patitis wacanira
Ingsun bakal dhawuhake al-Quran kang abot marang sira
Satemen sholat ing wektu wengi (sawuse turu) empaning ponco driya condhong banget lan ati, kanggo benerake pengucap
Satemene sira ing wayah awan wis nyambut gawe suwe
Sira nyebuta asmaning Allah Pangeranira sarta melenga ngabekti
Allah iku Pangeraning jagad sisih wetan lan sisih kulon, ora ana sesembahan kelawan bener kejaba Allah, sira nyumanggakna samu barang prakara marang Allah
Sabara marang pangucape (wong kafir) kang nglarakake ati tokna kelawan becik
Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela
Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam
Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani
Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur
Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir'aun
Nanging Fir'aun ambangkang marang parenthe rosul (Musa) mulane banjur dipatrapi siksa abot
Kapriye olehmu bakal anjaga awakmu, manawa padha maido, ing dinane kang para bocah adha didadekake kaki (tuwa uwanen)
Ing dina iku sanadyan langit hiya sigar, kang wis ditemtokake dening Allah, mesthi kaleksanan
Satemene ayat (tanda) iki dadi wewulang sing sapa kepengen selamet ngestokna ayat mau, minangka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane
Satemene Allah Pangeranira nguningane yen sira nindakake sholat kira - kira / wengi, lan setengah wengi lan (kala - kala)