Dhawuha, "Aku tampa dhawuhe Allah paring pirsa ana sagolongan jin padha ngrungokake anggonku dhawuhake al-Quran, Jin mau ngeram - ngeramake al-Quran marang para kancane celathune, 'Aku krungu anggone Muhammad dhawuhake al-Quran kang helok
al-Quran nuduhake dalan bener, aku banjur pracaya ora pisan mangro tingal marang Allah Pangeranku lan ora menyang sapa - sapa
Satemene Allah Pangeranku kang Maha Luhur lan Agung tanpa garwa lan ora kagungan putra
Satemene kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani kagungan putra lan garwa
Mahune penyanaku ora ana Jin lan manungsa celathu goroh tumrap marang Allah
Sarta dene saka wong - wong saka antaraning manungsa jaluk pitulungan marang para Jin lanang, kang mangkono mau muwuhi kesasar tumrap dheweke
Sateme dheweke (Jin) uga padha nyana kaya panyanamu, ing tembe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati
Jin celathu, "Aku neja munggah marang langit, ngrungokake guneme kang padha ana kono, bareng meh tekan ing kono kebak malaekat kang jaga padha gagah prakoso lan panah - panah geni
Sarta, dene adat sabene aku padha lungguh ing palungguhan, supaya bisa amrungu, ananing saiki sapa sing ngrungokake bakal kapethukake urub (ing geni) kang ngadhang dheweke
Aku ora weruh sebabe ora pareng ngrungokake guneme para malaekat mau, tumrape wong kang manggon ana bumi becik apa ala
Sawenehe golonganku padha wong tulus lan sawenehe ora mangkono, aku iki pepanthan kang padha seje - seje dalane
Panemuku, ora bisa ngoncati siksaning Allah ing bumi sarta ora bisa ngoncati Panjenengane sarana mlayu
Aku bareng krungu pituduhe al-Quran banjur ngandel marang Allah lan al-Quran. Sing sapa pracaya marang Allah Pangerane mesthi ora kuatir suda kabecikane lan tambah halane
Satemen sawenehing golonganku ana wong kang sumarah, lan sawenehing nyimpang. Sapa wonge sing sumarah iku nuju marang dalan kang bener
Wondene wong kang padha nyimpang padha dadi urub - urubing neraka jahannam
Dene menawa dheweke padha tetep ngambah dalan (bener) mesthi bakal Ingsun turunake banyu udan kang deres (rizki kang akeh)
Ingsun anggo nyoba marang dheweke ing dalem prakara iku lan sapa sing malengos saka eling marang Pangerane bakal dilebokake siksa kang nusahake banget
Lan satemene sarupaning masjid kabeh kagungane Allah, mulane anggonmu padha nyembah Allah aja dicampuri nyembah liyane
Lan satemene bareng kawulaning Allah (Muhammad) ngadek nyembah Allah para Jin padha rebut dujung tunggang - tinunggang nyedhak (kudo ngurokake al-Quran)
Dhawuhe (Muhammad), "Satemene aku mung nyembah ing Allah Pangeranku ora pisan tak wori nyembah liyane
Dhawuha (Muhammad), "Aku iki ora nguasani marang kowe dadi kesasar utawa begja (iku atas kersaning Allah)
Dhawuha, "(Menawa aku duraka ing Allah) ora ana wong sawiji kang bisa nulak siksaning Allah, lan aku ora oleh pangungsen liyane ngungsi marang Allah
Kuwasaku mung mratakake dhawuhe Allah marang kowe kabeh (timbalan sarta ayahane) lan sapa wonge nglirwakake Allah lan utusane sayekti bakal oleh geni neraka langgeng salawase
Nganti padha deleng siksa kang diancamake marang dheweke, banjur bakal padha weruh sapa sing panulunge luwih apes sarta luwih sethithik cacahe
Dhawuha, "Aku ora weruh siksa kang diancamake marang kowe apa wis cedhak utawa isih lawas kelakone
Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diweruhi manungsa, lan ora kersa medharake barang kang samar mau marang sawijining wong
Kajaba rasul kang wis diparengake nyumurupi, rasul dijaga (para Malaikat) ana ing ngarep buri lan kiwa tengene
Supaya Allah nguningani kelawan gumelar yen para Rosul mau temen wis ngundangake dhawuhing Allah Pangerane, kaweruhhing Allah ngalimputi para Rosul kabeh lan bisa nacahake samu barang