71.Noah

  1. Ingsun wis ngutus Nuh, nyurup - nyurupake marang ummate, "He Nuh, elingna para ummattira padha ngelakonono penggawe becik, mupung durung katekan siksaning Allah kang gelarani
  2. Dhawuhe Nuh, "Para umatku, aku iki nyurupake lan ngelingake marang kowe
  3. Kowe padha ngabektia lan nyembaha Allah, apa dhene padha manut mituruta marang pituturku
  4. Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh
  5. Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)
  6. Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut
  7. Kawula punika saben ngajak - ajak pitados ing Paduka dhumateng para ummat kawula supados ngapura piyambakipun, lajeng sami nutupi kupinginpun mawi drijinipun, sarta sirahipun dipun krukup mawi sinjangipun. Parta gumedhe
  8. Sasampunipun makaten para ummat wau sami kawula pituturi kalayan sora (terang - terangan)
  9. Lajeng sami kawula pituturi kalayan sora saha lirih
  10. Dhawuh kawula mekaten, "Para ummatku padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kepareng ngapura
  11. (Yen wis kepareng ngapura) banjur nurunake banyu udan deres saka langit
  12. Apa dene paring wuwuh bandha lan anak, lan maringi palemahan sarta kali kanggo ngoncori palemahan mau
  13. Ya gena kowe padha ora pracaya kaagungane Allah
  14. Allah wis dadekake awakmu pirang - pirang rambahan kang tumaruntun
  15. Apa ora padha handeleng anggone Allah gawe langit pitu kang sap - sapan
  16. Lan andadekake rambulan madhangi langit kabeh, lan dadekake srengenge minangka damar
  17. Lan maneh Allah gawe awakmu asal saka lemah
  18. Sawise dadi manungsa, Allah banjur balekake awakmu menyang lemah maneh, sawise dadi lemah Allah nguripake kowe lan diwetokake saka kubur
  19. Apadene Allah dadekake bumi iki warna - warna mugunani marang kowe
  20. Supaya kowe padha bisa mlaku ana dalan kang jembar
  21. Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, para ummat kawula punika sami boten manut miturut dhumateng parintah kawula, sami manut dhateng tiyang ingkang asor budinipun, kasugihan arta sarta anakipun, namung badhe andadosaken kapitunanipun
  22. Para ummat wahu sami damel pakewet ageng
  23. Pangucapipun (tiyang ingkang asor budinipun), "Aja padha tingal nyembah sesemabahan mu brahala, lan aja padha tinggal (nyembah) Wadd lan Suwaa', Yaghuts, Ya'uq lan nasr" (nami - nami brahala)
  24. Sejatosipun tiyang asor ing budi wau sami nasaraken tiyang kathah mila panyuwun kula tiyang kafir wahu mugi paduka boten nambahi kajawi siksa awon
  25. Sarehning gedhe kaluputane mulane padha dikelem banjir topan, ana sajeroning banyu di obong geni. Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi
  26. Nuh munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, tiyang kafir wahu mugi Paduka telasaken sampun wonten ingkang kantun gesang ing bumi manggen ing griya
  27. Manawi Paduka kendelaken kemawon, tamtu badhe nasaraken para kawula Paduka, manawi ing tembe medal anakipun, anak wahu tamtu dados tiyang awon utawi kafir
  28. Pangeran kawula, Paduka mugi ngapuraha kalepatan kawula saha kalepatanipun tiyang sepuh kawula kekalih, saha dhumateng tiyang ingkang malebet griya kawula utawi, dhateng tiyang mukmin jaler estri, para tiyang kafir punika mugi Paduka tumpes kemawon