Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba
Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak
Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah
Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun]
(Muhammad) sira shabara kelawan tenteram
Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone
Nanging Ingsun ngarani wis cedhak
Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga
Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul
Lan ora ana wong tetakon marang sanake
Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake
Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure
Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone
Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa
Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad
Nglonyomake kulit
Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi)
Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho
Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake
Samangsa kataman kojur ngersula
Lan samongsa kataman begja, cethil
Kajaba wong kang padha sholat
Kang tetep olehe padha sholat
Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat)
Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat
Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat
Lan kang padha wedi siksaning Pangerane
Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane
Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane
Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan
Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates
Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan
Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene
Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune
Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan
Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake
Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira
Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na'im
Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi
Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa
Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa
Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa
Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane)
Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke