69.The Reality

  1. Dina Qiyamat
  2. Apa kang aran dina qiyamat
  3. Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau
  4. Wong tsamud lan wong 'Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi
  5. Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri
  6. Dene wong 'Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi
  7. Angin mau nempuh marang wong 'Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong 'Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat
  8. Apa sira weruh wong 'Aad mau ana kang keri isih urip
  9. Fir'aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan
  10. Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot
  11. Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu
  12. Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki
  13. Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan
  14. Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan
  15. Ing dina iku dina qiyamat kelakon
  16. Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih
  17. Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira
  18. Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake
  19. Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku
  20. Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku
  21. Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah
  22. Manggon ana suwarga kang luhur
  23. Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak)
  24. (He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat
  25. Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae
  26. Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku
  27. O, mbok ya iki didadekake wekasanku
  28. Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku
  29. Kasantosanku wis sirna kabeh
  30. (Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu
  31. Tumuli cemplungna ing geni murub
  32. Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta
  33. Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung
  34. Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin
  35. Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu
  36. Sarta ora entuk pangan kajaba rereged
  37. Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput
  38. Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi
  39. Sarta barang kang ora sira weruhi
  40. Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya
  41. Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu
  42. Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen
  43. Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh
  44. Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun
  45. Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene
  46. Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge
  47. Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke
  48. Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala)
  49. Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran)
  50. Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido
  51. Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan
  52. Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung