26.The Poets

  1. Thaa' Siiim, Miim
  2. Surat iki, ayat - ayate kitab kang pratela (nerangake kabeh hukum bener lan luput)
  3. (Muhammad) bokmenawa sira ngenes ngrasakake para wong kafir anggone padha ora gelem iman ing Allah
  4. Upama ana keparenging kersaningsun, wong - wong kang padha kafir iku Ingsun kersakake iman ing Allah, kena uga Ingsun nurunake tandha yekti saka ing langit kang nggegirisi, ing kono gulune won gkafir kepeksa padha tumungkul konjem ing salawase (nanging kersaningsun ora mengkunu)
  5. Samangsa Allah kang Maha Murah kersa nganyarake dhawuh wong kafir iya mesthi banjur padha nganyarake pamopone (anggone mlengos)
  6. Wis kelakon marambah-rambah wong - wong kafir iku padha ora percaya marang (Nabi Muhammad). Wong - wong kafir mau ora wurung bakal padha weruh kenyataane utawa kewusanane anggone padha anggeguyu al-Qur'an
  7. Wong - won gkafir apa padha ora sumurup gumelaring bumi, wis pira bae anggoningsun nukulake thethukulan ana ing bumi kang becik - becik, migunani marang wong - wong kabeh
  8. Kang mengkono mau satemene dadi tandha yekti menawa kuwasaning Allah iku sampurna, ewadene akeh - akehe manungsa padha ora percaya ing Allah
  9. Satemene Allah Pangeranira iku yekti Maha Mulya tur Maha Asih
  10. (Muhammad), sira nyritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Musa, kanthi didhawuhi mengkene, "Sira Ingsun utus menyanga panggonane wongkang nganiaya, yaiku wong kang duraka
  11. Yaiku kaume (ummate) Fir'aun, padha pituturana, yagene teka padha ora bekti (taqwa) marang Allah
  12. Musa munjuk, "Dhuh Pangran kawula, sayketosipun kawula kuwatos menawi kaumipun Fir'aun sami maiben (ngogorohaken) dhateng kawula
  13. Iba anggenipun rupeg dada (kaken manah) kawula, sarta lisan (ilat) kawula boten saged wicanten (trampil). Mila bilih amarengaken, Panjenengan mugi kersaha ngutus sedherek kawula Harun, dados sesulih (mbantu) kawula
  14. Makaten malih kawula punika nandhang kalepatan dhumateng Fir'aun sekaumipun. Mila kula kuwatos bokmenawi Fir'aun wau lajeng mejahi kawula
  15. Allah paring pangandika, "Fir'aun ora bakal mateni sira. Mulane saiki sira mangkata lan sedulur ira Harun, klawan anggawa tandha yekti saka Ingsun. Ingsun anjungkung marang sira, sarta mirengaki aturira
  16. Sira sakloron padha nemonana Fir'aun sarta dhawuhna, "Sayektosipun kita kekalih punika utusanipun Pangeraning Alam sadoya
  17. Mugi panjenegan ngandikani supados tiyang Bani Israil tumut kula tiyang kalih (mantuk dhateng tanah Palistina=kan'an)
  18. (Musa lan Harun banjur ngestokake dhawuhe Allah bareng wis andhawuhake apa dhawuhing Allah), Fir'aun mangsuli, "Apa sira lali anggonira ingsun openi ana ing kene kaya dene anak, lan sira melu ingsun wiwit bayi nganti (umur tahun) tatahunan
  19. LAn maneh sira wis nindakake keluputan (mateni wong Qibti benere Ingsun patrapi apa - apa , saiki sira duwe tindak kang mengkono). Dadi tetela sira ora weruh marang kebecikangingsun
  20. Musa paring wangsulan, "Kula nindakaken ingkang mekaten punika wau, jalaran kala semanten kula taksih kelebet golonganipun tiyang ingkang klentu
  21. Ewa semanten, saking ajrih kula, lajeng kesah saking ngriki, (dhateng ing madyan). Wonten ingriku kula dipun paringi kawicaksanan dening ALlah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados Nabi, punapa dene dipun piji dados Utusaning Pangeran
  22. (Punapa maneh kula mejahi tiyang boten panjenengan patrapi hukum qisos, utawi dumeh kula boten panjenengan pasrahi pandamelan awrat tur siya - siya, kados tiyang - tiyang bani Israil sanes - sanesipun). Punapa kula ingkang panjenengan wastani kesaenan panjenengan dateng kula, lajeng paduka angatiplakaken para turun Israil
  23. Fir'aun pitakon, "Pangerane wong sajagad iku sapa
  24. Musa paring wangsulan, "Menawi panjenengan sumerep, samukawis ingkang dumadi punika wonten urusanipun, ingkang Mangerani tiyang sajagad punika, Pangeraning bumi kaliyan langit, ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawisipun bumi kaliyan langit
  25. Fir'aun banjur tumuleh marang para panggedhe kang padha saba ana ing kiwatengene, pangucape, "Apa sira ora padha krungu wangsulane Musa, teka dudu kang Ingsun tekokake
  26. Musa paring wangsulan maneh, "Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran panjenengan saha Pangeranipun leluhur panjenengan rumiyin
  27. Fir'aun celathu marang wong kang padha ana ing kono, "Rasulmu kang diutus dening Pangeran, nerang - nerangake marang sira iki edan, ketara anggone ora mangerti pitakone wong
  28. Musa paring wangsulan maneh, "Manawi panjenengan gadah akal budi, temtu sumerep bilih Pangeran tiyang sajagad punika Pangeraning masyriq (panggenan medaling surya/wetan)" kaliyan maghrib (panggenan seraping surya/kulon), ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawasipun masyriq lan maghrib
  29. Fir'aun mangsuli, "Menawa sira mangeran marang saliyane ingsun, mesthi bakal ngunjara mrang sira, awor karo wong kang dikunjara
  30. Musa mangsuli, "Menawi kula angwontenaken kaelokan minangka tandha yektinipun, bilih kula punika utusanipun Allah sayektos, punapa inggih meksa panjenengan kunjara
  31. Fir'aun mangsuli, "Menawa aturira iku temen, mara gaweya kaelokan kaya kang sira kandhakake
  32. Musa nuli mangsuli nguncalake tekene, sanalika tekene Musa iku dadi ula kang gedhe, galak anggegirisi
  33. Musa nuli ngetokake epek - epeke tangane saka ing klambine, sanalika mencorong putih (kaya srengenge amblerengi) marang wong kang padha ndeleng
  34. Fir'aun banjur dhawuh marang pra panggedhe kang padha saba ing kiwa tengene, "Musa iku tetela juru sihir kang pinunjul
  35. Sumedya nudhung marang sira kabeh saka negaramu (ing Mesir) kene sarana sihire, Saiki kepriye kang dadi rembugira
  36. (Para panggedhe mau) banjur padha matur, "Pamanggih kula Musa lan sedherekipun punika prayogi dipun srantosaken rumiyin. Sapunika sang nata utusana dhateng sakatha hing kitha wewengkon ing ngriki, nimbali sowan pepak
  37. Para pangageng kala wau kadhawuhana nyaosaken para juru sihir ingkang pinunjul, dhateng sngarsaning sang nata
  38. Ing kono para juru sihir banjur dikumpulake (ana ing Mesir) ing dina kang wis katemtokake
  39. (Bareng wis tekan ing dina kang tinemtokake), Banjur padha tampa dhawuh (wong ing Mesir) apa wis padha kumpul, mara enggal padha ngumpula
  40. Menawa para juru sihir menang, bokmenawa aku lestari manut agamane para juru sihir, aja nganti manut marang Musa
  41. Bareng para juru sihir wis padha nglumpuk, banjur padh amatur marang Fir'aun, "Menawi kita mimpang, punapa badhe tampi ganjaran, sang nata
  42. Fir'aun mangsuli, "Iya bakal tampa ganjaran, sarta yen sira menang, sira mesthi bakal kecedhak marang aku
  43. Musa ditantang para juru sihir banjur mangsuli, "Lah sira bae luwih dhisik, anggelarna sihir (ingkono sira bakal weruh kawusanane)
  44. Para juru sihir mau nulu padh anguncalake tampare (dhadhunge) lan tekene, pengucape, "Demi kamulyane Fir'aun, ingsun sakonca para juru sihir mesthi padha menang
  45. Musa nuli nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula kang gedhe, banjur nguntali ulane anggone nyulap para juru sihir mau (nganti sirna kabeh)
  46. Para juru sihir banjur padha weruh menawa mu'jizate Musa iku dudu sihir, nuli padh anjungkel padha sujud kabeh
  47. Wong - wong ahli juru sihir mau padha ngucap, "Sapunika kita sami percador(iman) dhateng Allah, pangeranipun alam sedaya
  48. Inggih punika Pangeranipun Musa lan Harun
  49. Fir'aun banget nepsune, pangucape, "He para juru sihir, yagene sira padha wani percaya marang Musa, sadurunge pikantuk palilahingsun. Yen mengkono Musa iku penggodhamu, kang mulang sihir marang sira. Sira bakal weruh kuwasane awakira. Sira bakal ingsun tugel tanganira lan sikilira diseling - seling (dijunjang) sarta ingsun penthang utawa tak tanjir kabeh
  50. Para ahli sirih padha mangsuli, "Pangancam panjenengan makaten punika boten dados punapa, Sanajan kula pejaha, temtu badhe wangsul dhateng ngarsaning Pangeran kula
  51. Kula ngajeng - ajeng mugi - mugi Allah Pangeran kula kersa paring pangapunten sakathahing kalepatan kula, Dene kula sedaya punika dados kawitanipun tiyang ingkang pitados ing Allah lan dhateng Musa
  52. Ingsun paring wahyu (prentah) marang Musa, "He Musa, sira mangkata lunga (saka ing Mesir), bebarengan karo kawulaningsun wong Bani Israil kabeh, Sira bakal dioyak dening Fir'aun dalah para kaume
  53. Bareng Fir'aun krungu menawa wong Bani Israil padha lunga, banjur nglumpukake wong - wong ing kutha - kutha wewengkone, padha diajak ngoyak wong Bani Israil
  54. Pangucape Fir'aun, "Para kaumku kabeh aja padha wedi. Wong bani Israil iku mung sethithik cacahe
  55. Nanging sejatine wong Bani ISrail mau anggregetake, gawe napsuku
  56. Dene para kaumk wong Mesir iku padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gegamane
  57. Pangandikane Allah, "Ingsun nuli nundhung wong - wong mau (Fir'aun dalah para kaume) ninggalale palemahane (pakebonan) kang ana kaline pating sreweh
  58. Lan ninggalake gedung - gedung isi rajabrana sarta palinggihan (panggonan) kang indah - indah (becik - becik)
  59. Wis mengkono anggoningsun ngetokake Fir'aun: Sasirnane Fir'aun dalah para kaum kelem an aing segara, raja dabeke Ingsun paringake dadi warisan marang wong bani Israil, padha dibaleni marang ing Mesir
  60. Fir'aun dalah para kaume mau padh angoyak wong Bani Israil, ing wayah metune srengenge meh kecandhak ana ing pinggiring segara
  61. Barang owng Bani Israil lan wong Mesir (kaume Fir'aun) wis padha arep - arepan, ing kono para sahabate Musa padha matur, "Kados pundi kita punika badhe sami kecepeng (ketututan)
  62. Musa paring wangsulan, "Ora. Sira aja padha kuwatir, Satemene Ingsun iki dijangkung dening Allah Pangeraningsun, kang bakal paring pitedah dalan keslamten marang ingsun
  63. Ingsun banjur paring wahyu marang Musa,"He Musa, tekenira iku gitikna (sabetna) ing segara (Qulzum)". Bareng segara disabet (digitek) dening Musa, banyune banjur piyak dadi rosal lurung, antarane lurung - lurung mau banyune anggenggeng kaya gunung dhuwur
  64. Ingsun anggiring Fir'aun dalah pra kaume mlebu ing segara, ngoyak Musa dalah wong Bani Israil
  65. Lan Ingsun paring selamet marang Musa lan wong Bani Israil kabeh padha metu saka ing segara
  66. Sawise MUsa dalah wong Bani Israil padha metu saka ing segara, Fir'aun dalah para kaume padha Ingsun tumpes sarana Ingsun tungkebi (keremake) banyu segara
  67. Mungguh satemene tumpese Fir'aun dalah para kaume, iku yekti dadi tandha yekti, kanggo lupiya marang wong sapungkure Fir'aun. Lan akeh - akehe wong - wong mau padha ora gelem mukmin
  68. Lan satemene Pangeranira iku Maha Mulya sarta asih
  69. (Muhammad) wong - wong kafir iku padha sira wacakna cerita lelakone Ibrahim
  70. Nalikane Ibrahim matur marang Bapakne utawa ngendika mituturi marang para ummate, "Panjenengan punika sami manembah punapa
  71. Bapakne lan para kaume padha mangsuli, "Kita padha manembah brahala salawas - lawase
  72. Ibrahim bacutake pitakone, "Menawi panjenengan matur punapa - punapa dhateng brahala - brahala wau, punapa brahala - brahala wau saged mrieng
  73. Utawa punapa saged mikantuki (damel manfaat) punapadene mlarati dhateng panjenengan
  74. Bapakne Ibrahim lan para umate padha mangsuli, "Ora bisa, nanging para leluhur kita biyen iya padha manembah brahala kaya kita iki
  75. Ibrahim pitakon maneh, "Punapa sampun panjenengan galih sayekto anggen panjenengan manembah brahala punika
  76. Panjenengan piyambah lan para leluhur panjenengan rumiyin
  77. Sejatosipun brahala - brahala pnika (ingkang kula sembah) dados satru kula, kajawi Allah Pangeranipun alam sadaya, punika Pangeran kula
  78. Inggih Allah punika ingkang nitahaken badan kula, sarta paring pitedah margi ingkang leres
  79. Inggih Allah punika ingkang paring tedha sarta omben - omben dhateng kula
  80. Menawi kula nandhang sakit, panjenenganipun Allah punika ingkang nyarasaken dhateng kula
  81. Sarta panjenenganipun ingkang badhe mejahi kula. Sasampunipun pejah, benjing dinten Qiyamat anggesangaken dhateng kula
  82. Inggih Allah punika ingkang kula ajeg - ajeg paring pangapunten kelepatan kula benjing dinten Qiyamat
  83. Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi paringa kawicaksanan dhumateng kawula. Mugi Panjenengan lebetaken (golongaken) kapanggihaken kaliyan pra tiyang ingkang sae
  84. Kawula mugi Panjenengan dadosaken pengaleman saha tetuladhanipun tiyang Islam sapengker kawula
  85. Saha kawula mugi panjenengan dadosaken ahli waris, ingkang badhe nampi pandumanipun suwarga Na'im
  86. Mekaten malih bapak kawula punika ewonipun tiyang kesasar, punika mugi Panjenengan kersakaken tobat, salajengipun Panjenengan paringi pangapunten kalepatanipun
  87. Ing benjing dinten QIyamat, dinten tanginipun tiyang pejah, Panjenengan mugi sampun ngasoraken (meleh - melehaken) awon kawula
  88. Inggih punika dinten (Qiyamat) kalanipun bandha tuwin anak mboten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik
  89. Kajawi tiyang ingkang sowan wonten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik
  90. Ing dina iku suwarga dicedhakake marang wong kang padha bekti (taqwa)
  91. Dene neraka jahim dikatonake marang wong - wong kang padha lacut (kafir)
  92. Wong - won gkafir mau padha didangu, "Endi rupane brahala kang padha sira sembah biyen
  93. Sira milih manembah saliyane ALlah? Brahala apa bisa aweh pitulung marang sira utawa marang awake dhewe, jugarake siksane Allah
  94. Brahala - brahala mau nuli dipunjungkelake, dicemplungake ing neraka karo wong - wong kafir
  95. Lan para wadya balane iblis kabeh
  96. Wong - wong kafir mau ana ing sajrone neraka padha padu rame karo brahalane, pangucape wong kafir
  97. Demi Allah, satemene Ingsun iki tetela wong kang kesasar saka dalan keslametan
  98. Amarga anggoningsun manembah marang sira, ingsun padhakake Pangerane wong alam kabeh
  99. Dene kang nasarake (anjnlomprongake) ingsun iki, ora ana maneh kajaba syetan
  100. Saiki ora ana wong kang bisa aweh pitulungan apa - apa marang ingsun
  101. Lan ingsun ora duwe kanca kang mbelani aweh pitulungan marang ingsun
  102. Upama ingsun diparengake bali marang donya maneh, ingsun saguh dadi wong mukmin, nindakake apa tumindake wong mukmin
  103. Satemene cerita kang kasebut mau dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir-mikir. Nanging manungsa ora akeh sing padha gelem mukmin
  104. Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
  105. Para ummate Nuh padha nggorohake para utusan
  106. Nuh dalah para ummate iku isih sedulur. Nalika semana Nuh dhawuh marang para ummate, "Ya gene sira padha ora wedi marang Allah
  107. Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang mitayani anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah, ora nambahi, ora ngurangi lan ora ngowahi
  108. Sira padh awediya ing Allah lan ngestokna marang Ingsun
  109. Anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang Ingsun, ora ana maneh kajaba Allah Pangerane ngalam kabeh
  110. Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun
  111. Para umate Nuh padha matur mangsuli, "Kenging punapa kita manut dhewek panjenengan lan tiyang ingkang sami manut ndherek panjenengan punika sami tiyang ingkang asor (andhahan urakan) sadaya
  112. Nuh paring wangsulan marang para ummate, "(Ingsun mau diutus murih para manungsa padha iman marang Allah) ora susah nyumurupi luguning para panganggepe kang dibathin
  113. Menawa sira padha weruh". dene panimbange penganggep kang dibathin iku ana astane Allah
  114. Lan Ingsun ora bakal nulak wong - wong kang padha mukmin ing Allah
  115. Ingsun iki ora liya kajaba juru pepeling klawan cetha, lan ora ningali sapa wonge
  116. Para umate Nuh padha kaku atine, pangucape, "He Nuh, anggen panjenengan munasika dhateng kita punika menawi boten panjenengan kendeli, panjenengan mesthi badhe kita balangi sela
  117. Nuh banjur matur marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sejatosipun para umat kawula sami maiben (anggorohaken) dhateng kawula
  118. Mila panjenengan mugi kaparenga andhawuhaken bilih punapa ingkang kawula dhawuhaken punika leres tumrap anggen kawula pasulayan kaliyan ummat kawula wau, punapa dene Panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula dalah para tiyang ingkang tumut dhateng kawula para tiyang mukmin
  119. Ingsun paring selamet marang Nuh dalah para kaume para wong mukmin, ana ing perahu kang kebak (isi wong lan sawarnaning kewan daratan)
  120. Sawise mengkono, para ummate Nuh liya - liyane padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kelem
  121. Carita lelakone Nuh lan para ummate mau, satemene dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir. Nanging akeh - akehe padha ora gelem mukmin
  122. Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
  123. Wong 'Aad uga padha anggorohake (maido) para Rasul
  124. Sedulure kaum 'Aad yaiku Hud, ngendika maringi pitutur marang wong - wong mau, "Yagene sira padha ora wedi marang Allah
  125. Satemene Ingsun iki utusane Allah, anggoningsun medharake dhawuhe Allah iku mitayani. Ingsun diutus marang sira kabeh
  126. Sira padha wediya marang Allah lan ngestokna marang ingsun
  127. Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjarang marang Ingsun, ora ana maneh kajaba mung Allah Pangerane 'alam kabeh
  128. Ya gene sira padha ngedegake omah dhuwur ana ing ngendi - endi panggonan, perlu mung kanggo dolanan lan nyenyenges tumrap wong kang liwat
  129. Apa dene sira padha gawe blumbang utawa segaran, pangarep - arepira sira langgenga urip, aja mati - mati
  130. Mengkono maneh sira buteng sarta cengkiling, menawa sira mara tangan siya - siya
  131. Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang Ingsun
  132. Lan padha bektia ing Pangeran kang paring kenikmatan (kabungahan) marang sira, kaya kang wis padha sira sumurupi
  133. Panjenengane Allah wis maringi kabungahan marang sira rupa raja kaya sarta turunan
  134. Apa dene palemahan (pakebonan) lan kali pirang - pirang
  135. Satemene (menawa sira padha ora gelem manut marang pangandikaningsun) ingsun kuwatir, ora wurung sira bakal nandhang siksane Allah, ana ing donya lan akherat
  136. (Wong 'Aad) padha matur mangsuli, "Dhuh Huud, kita panjenengan wulang makaten punika kaliyan boten, sami kemawon boten badhe melu dhateng piwulang panjenengan
  137. Sayektosipun, piwulang ingkang panjenengan angge ngajrih - ngajriih dhateng kita punika kados ngajrih - ngajrihi lare alit, punika mboten liya damel - damelanipun para tiyang kina rumiyin
  138. Sampun mboten kemawon kita badhe nandhang siksa
  139. Wong 'Aad padha maido (anggorohake) marang Huud, mulane banjur Ingsun tumpes. Kang mengkono mau satemene dadi lupiya tumrap wong kang gelem mikir - mikir. Nanging akeh - akehe para manugsa padha ora gelem mukmin
  140. Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
  141. Wong Tsamud uga padha nggorohake para Rasul
  142. Nalika semana sedulure wong Tsamud yaiku Shalih paring dhawuh marang wong Tsamud, "He para seduluringsun, yagene sira padha ora wedi marang Allah
  143. Satemene Ingsun iku Utusane Allah tur kena dipercaya
  144. Sira padha manuta ing Allah, lan ngestokna marang Ingsun
  145. Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun ora liya mung Allah Pangerane ngalam kabeh
  146. Apa sira padha duwe pangira menawa anggonira urip iku ditogake bae tentrem salawase, ora ana apa - apa (luput pangairanira)
  147. Saiki sira duwe palemahan akeh lan kali - kali
  148. Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang wohe mateng - mateng
  149. Lan padha gawe guwa ana ing gungung - gunung kanggo omah, pancen padha baut
  150. Sira padha wediya ing Allah lan ngestokna pituturingsun
  151. Lan sira aja manut perintahe wong (kafir) kang ngliwati wates
  152. Yaiku wong kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, lan ora gawe becik, sarana 'adil lan iman marang Allah
  153. Wong Tsamud padha mangsuli, "Panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging ing sihir
  154. Boten sanes panjenengan punika inggih tiyang kados kita kemawon. (Wangsul panjenengan ngaken Utusanipun Allah) menawi dhasar temen cobi panjenengan angawontenaken tandha yekti
  155. Nabi Shalih mangsuli, "(Tandha yektine delengen) iki unta (peparinge Allah metu saka ing watu, kaya carane unta lahir saka biyunge, tetep kaya panyuwunira). Unta iki duwe pepancen ngombe ing sendhang iki, sira uga duwe pepancen, giliran sedina endhing, aja padha nyahak gilirane unta mau
  156. Lan aja pisan - pisan ngganggu gawe marang unta iki, (menawa sira nganti ngganggu gawe), mesthi bakal nandhang siksane Allah kang abot, ana ing dina kang anggegirisi
  157. Wong tsamud banjur padha amragad unta mau. Bareng padha sumurup bakal tekane siksa, padha banget getun lan keduwange
  158. Wong Tsamud banjur tumpes kena ing siksane Allah, kaya pangancame Nabi Shalih, kang mengkono mau mesthi dadi kaca benggala tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging sethithik banget kang padha gelem percaya
  159. Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya Maha Asih
  160. Para ummate LUth uga padha anggorohake (maido) marang para Rasul
  161. Nalika semana sedulure kang aran Luth paring pitutur mengkene, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah
  162. Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang percaya marang sira kabeh
  163. Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun
  164. Anggoningsun nekaake dhawuhe Allah, ora amrih opah. Dene kang bakal maringi ganjaran mung Allah Pangerane alam kabeh
  165. Yagene sira padha milih cumbana padha wong lanang, kamungka ora kurang wong wadon
  166. Sira padha nampik para bojonira, kang wis dicawisake lan diwenangake dening Allah Pangeranira marang sira. Dadi sira iki tetep wong kebangeten, nampik barang kang diwenangake, milih kang dadi larangan
  167. (Para ummate Luth) padha mangsuli, "Dhuh Luth, menawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan munasika dhateng kita punika, panjenengan mesthi kita tundhung saking mriki
  168. (Luth ganti paring) wangsulan, "Sakarepira, satemene ingsun gething banget lan ora sudi marang tindakira kang mengkono iku
  169. Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula sakulawarga, saking siksa patrapanipun kalepatan, ingkang dipun lampahi dening para ummat kawula
  170. (Pandandikane Allah), Ingsun paring selamet marang Luth dalah kaluwargane kabeh
  171. Kajaba bojone tuwa Luth, iku katut ingsun siksa, amarga mbiyantu marang ummate Luth
  172. Para ummate Luth liya - liyane banjur Ingsun tumpes
  173. Para ummate Luth mau Ingsun udani watu welirang kang murup, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala temen udan siksane wong kafir kang wis diwedeni, meksa padha wangkot
  174. Lelakone para ummate Luth mau, satemene dadi kaca benggala tumrap wong kang padha gelem mikir - mikir, ewodene akeh - akehe manungsa padha ora gelem percaya
  175. Satemene Allah Pangeranira iu Maha Mulya tur Maha Asih
  176. (Kaume Syu'aib) wong ing Madyan kang padha duwe palemahan loh isi tetanduran, padha maido marang para Rasul
  177. Nalika semana Syu'aib paring pitutur marang wong - wong madyan, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah
  178. Satemene Ingsun iki Utusane ALlah kang pinitaya marang sira kabeh
  179. Sira padha bektia ing Allah lan ngestokake marang ingsun
  180. Anggoningsun nekake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih opah apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun, ora liya mung Allah Pangerane alam kabeh
  181. Sira padha nyampurnakna timbangan, lan poma dipoma aja dadi golongane wong - wong kang padha ngurangi timbangan
  182. Lan sira nimbanga kanthi timbangan kang jejeg
  183. Lan aja padha gawe suda ajining barang - baranging wong, lan aja padha rusuh gawe kerusakan ana ing bumi
  184. Lan padha bektia ing allah kang nitahake marang sira, lan para umat ing jaman kuna
  185. Wong Madyan mangsuli, "Dhuh Syu'aib, panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging sihir
  186. Panjenengan punika mboten sanes inggih tiyang kados kita kemawon, (sanes malaikat) lan kita kinten dhateng panjenengan punika klebet tiyang ingkang goroh
  187. Menawi panjenengan punika temen, yektos Utusanipun Allah cobi kita pnejengan turuni siksa jawah gegempilaning langit
  188. (Syu'aib) paring wangsulan, "Allah Pangeraningsun mesthi luwih nguningani kabeh barang kang sira tindakake
  189. Won ging madyan padha kebanjur - banjur anggone nggorohake (Nabi Syu'aib) mulane banjur ketekan siksane Allah ana ing dina eyub kang gegirisi
  190. Satemene lelakone wong Madyan mau dadi tuladha tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging akeh - akehe wong padha ora gelem mukmin
  191. Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih
  192. Lan satemene al-Qur'an iki diturunake dening Allah Pangerane Alam kabeh
  193. Malaikat Jibril kang pinitaya tumurun klawan ngampil al-Qur'an
  194. Didhawuhake marang atinira Muhammad, supaya sira anggo ngelingake lan ambebungah marang para manungsa
  195. Nganggo tetembungan arab kang cetha
  196. Lan satemene al-Qur'an iki wis diwaca (disebutaken) ana ing kitab kuna - kuna
  197. Ya gene wong kafir padha nyelaki tandha yektine menawa al-Qur'an iku temen dhawuhe Allah, yaiku anggone wis kasebut ana ing kitab - kitab kuna, sarta wis disumurupi dening para pendhitane wong Bani Israil
  198. Upama al-Qur'an iku Ingsun dhawuhake marang sawenehe wong 'Ajam (yaiku liyane wong Arab)
  199. Wong 'Ajam iku banjur diwacakake al-Qur'an, mesthi wong mau ora iman
  200. Kaya mengkono uga atine wong kafir padha Ingsun leboni sifat kafir (ora percaya) marang al-Qur'an
  201. Dadi padha ora percaya ing al-Qur'an, nganti tumeka anggone padha sumurup siksa neraka kang nglarani
  202. Bareng wis tekan wektune, siksa neraka mau banjur teka marang wong kafir, kanthi ngegetake, wong kafir ora ngira babar pisan menawa bakal ketekan siksa
  203. (Wong kafir) banjur padha munjuk ing Allah, "Punapa kawula kepareng nyuwun dipun srantosaken sekedhap kemawon, kawula badhe pitadhos dhateng al-Qur'an
  204. (Wong kafir) banjur tompa dhawuh, "Ora kena, yagene sira padha ndang - ndang lan angge tekane siksa
  205. (Muhammad) apa sira sumurup, wong kafir iku Ingsun bungahake sawatara lawase
  206. Bareng wis tekan wektune, banjur padha ketekan siksa kang maune wis dinajekkake lan diancamake
  207. Kabungahane sawatara mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa? (mesthi ora)
  208. Ingsun ora pisan - pisan numpes wong ing padesan, kajaba menawa ing kono wis ana Utusaningsun kang memedeni lan nerangake dhawuh ingsun
  209. Supaya dadi pepeling, lan ingsun ora pisan - pisan gawe kaniaya
  210. Kang nurunake al-Qur'an iku dudu Syetan
  211. Para syetan ora patut lan ora bisa nurunake al-Qur'an
  212. Amarga syetan iku menawa arep nginjen, (ngrungok - ngrungokkake guneme para malaikat) banjur dihalangi
  213. (Muhammad) manungsa iku anggone mangeran marang Allah aja karo Mangeran marang liyane. Menawa nganti mangkono, bakal padha nampa siksa saka Allah
  214. (Lan sira Muhammad) Aweha pepeling marang kerabatira kang klebu isih cedhak
  215. Sawis sira paringi pitutur, sira nagjenana para wong mukmin kang padha manut lan tha'at
  216. Menawa dheweke padha ambangkang, sira dhawuha, "Ingsun wisuh, ora melu - melu anggonira padha tumindak manembah saliyane Allah
  217. Lan sumaraha marang Allah kang Maha Lumya Tur Maha Asih
  218. Yaiku Pangeran kang mriksani ing wektu sira nindakake shalat
  219. Lan Panjenengane mriksani mobah mosikira ana ing antarane wong kang sujud
  220. Satemene Allah Midhanget lan Ngudaneni marang kabeh barang dumadi
  221. (Dhawuha Sira Muhammad), "Apa sira kabeh gelem ingsun paringi sumurp marang sapa tumuruning syetan iku
  222. Syetan iku tumrape marang wong kang dhemen goroh lan duraka
  223. Biyen para syetan iku padha ngrungokake pangucape para malaikat, banjur diwisikake marang para juru pethek (ahli nujum), dene pametheke juru pethek iku kang akeh goroh
  224. Para wong kang podho kang kesasar ska dalan keslametan padha manut marang para jur nganggit tembang (penyair), ngucap goroh (ngarani manawa al-Qur'an iku tembang)
  225. Apa sira ora sumurp menawa (juru nganggit tembang iku), kang akeh padha ambawur rasaning tetembungan
  226. Lan satemene dheweke (ahli nganggit tembang) padha ngucapake apa kang ora padh ditindakkake
  227. Kajaba para kang padha angestu, lan padha nindakake kebecikan, lan padha akeh anggone nyebut (eling) asmane Allah, lan padha pikantuk pitulung sawisa dianiaya. Dene wong kafir kang padha nganiaya mau, ing tembe bakal sumurup kawusananae ana ing akherat