23.The Believers

  1. Para wong mukmin iku padha pikantuk beja temenan
  2. Yaiku wong kang khusu' (konjem) anggone padha sholat
  3. Lan kang nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab donya
  4. Lan kang padha mbayar zakat
  5. Lan kang padha rumeksa kehormatane (ora dianggo nglakoni kang ora dililani dening syara'/zina)
  6. Kajaba mung marang bojone dhewe utawa amat (wong wadon kawula tukon kang dimiliki dening tangan tengene) darbeke dhewe. Dheweke iku ora padha dicacad
  7. Dene sing sapa nggoleki saliyane kang dihalalake (bojone dhewe utawa amate), iku dheweke temen wong kang ngliwati wates (nerak watese hukume Allah)
  8. Lan dheweke kang padha ngati - ati ngreksa nuhoni titipan (kapercaya) sarta janjine (marang Allah utawa marang sepadhaning manungsa)
  9. Lan dheweke padha tetep ajeg (ngreksa) anggone shalat (ana ing waktune)
  10. Para wong mukmin kang padha netepi kaya kang kasebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris (kang oleh waris suwarga)
  11. Yaiku kang pikantuk suwarga Firdaus, lan padha langgeng ana ing kono
  12. Demi satemene Ingsun wis nitahake manungsa (Adam) saka sarining lemah
  13. Ingsun banjur nitahake turuning manungsa saka mani, ana pranakane wong wadon kang rineksa
  14. Mani mau banjur Ingsun dadekake getih kenthel. Getih kenthel mau banjur Ingsun dadekake daging kempel. Daging kempel mau banjur Ingsun dadekake balung, balung iku banjur Ingsun buntel dafing, banjur Ingsun titahake makhluq liya (bayi), urip sarana Ingsun leboni ruh (nyawa). Maha Luhur Allah. Allah iku kang nitahake kalayan sampurna
  15. Sawise sira dadi manungsa, ing tembe mesthi padha mati
  16. Sawise padha mati, ing besuk Qiyamat, mesthi bakal ditangekake saka ing pati, urip maneh
  17. Lan Ingsun wis nitahake pitung langit ana ing sadhuwurira, lan Ingsun ora supe rumeksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi) ora bisa ngrubuhi kang ana ing ngisor
  18. Lan Ingsun wis nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhane manungsa, banjur mili utawa disesep ing bumi. Lan satemene Ingsun uga kuwasa ngilangake banyu iku
  19. Banyu udan mau banjur Ingsun anggo nukulake wit - witan isen - isening pakebonan pirang - pirang kayata: kurma lan anggur lan liya - liyane. Sira padha bisa ngundhuh lan mangan woh - wohan pirang - pirang kang werna - werna ana ing pakebonan mau
  20. Lan Ingsun uga nukulake wit zaitun, kang thukul ana ing gunung Thur-Sina, kang ngetokake lengo kanggo lawuh tumrap wong kang mangan (kena digawe mulas minangka rerengganing panggonan)
  21. Lan satemene raja kaya iku piwulang ('ibarat) tumrap sira kabeh. Ingsun paring pangomben (powan) sira kabeh saka barang kang ana ing wetenge, lan raja kaya iku akeh maneh kemanfa'atane tumrap sira, lan sawenehe ana kang sira pangan
  22. Raja-kaya mau ana ing dharatan, ora beda karo perahu ana ing segara, kabeh padha kena sira tunggangi lan sira momoti gegawanira
  23. Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane
  24. Para panggedhene wong kafir saka kaume Nuh banjur celathu mengkene, "Nuh iku apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabeh? Aku teka ora krungu wulangane para leluhur kita, kang kaya wulangane Nuh iku. Dadi tetela Nuh lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabeh. Upama Allah iku temen ngersakake Utusan andhawuhi manungsa, mesthi ngutus malaikat, mangsa ngutusa wong kang kaya mengkono
  25. Ora liya panemuku, Nuh iku wong lanang kang owah akale, mula prayoga padha disrantekake bae nganti tekan matine utawa kapriye bakal wekasane
  26. Nuh banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha gorohake dhateng kawula, Panjenengan mugi paringpitulungan dhateng kawula
  27. Ingsun banjur paring wahyu marang Nuh, "(Ummat ira iku bakal Ingsun kerem). Saiki sira gaweya perahu, kelawan Ingsun jenengi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing tembe manawa ana banyu mumpal - mumpal saka ing pawon, iku tandha yen siksaningsun wiwit nekani. Ingkono sira banjur munggaha ing prahu, dalah keluwarganira kabeh, lan anggawaha wawarnaning kewan sajodo - jodo bakal kanggo wiji, (kajaba rabinira kang kafir sarta anakira kan'an iku wis kabanjur) Ingsun pasti rusak dening kinelem, lan sira aja nyuwunake selamete wong kang padha kafir, kabeh iku wis Ingsun temtokake rumpes dening kinelem
  28. Menawa sira sak ahlinira wis padha munggah prahu, sira nyebuta Asmaningsun menkene, "Sedaya puji punika kunjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujeng dhumateng kawula ahli kawula, kalis saking siksa ingkang numpes para tiyang ingkang sami nganiayaa (kafir)
  29. Ing tembe menawa sira wis mudhun saka prahu, munjuka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi panjenengan paring panggenan dhateng kawula panggenan ingkang prayogi tur pinaringan berkah. panjenengan punika ingkang kuwasa piyambak paringpanggenan ingkang prayogi lan sae
  30. Saktemene kang mengkono iku (kabeh kang wis Ingsun dhawuhake marang Nuh lan kaume) iku dadi tandha yekti kekuwasaaningsun. Lan saktemene Ingsun kang nurunake bilahi (kang banget gedhene marang kaume Nuh)
  31. Sawise wong - wong mau padha dirusak, Ingsun nuli nitahake kaum (ummat) liyane, (yaiku wong 'Aad, ummate Hud)
  32. Ingsun banjur ngutus nabi (Hud), klebu kaum 'Aad, iku Ingsun ngutus andhawuhi para wong 'Aad, mengkene, "Sira padha manembah marang Allah, awit sira ora duwe Pangeran saliyane Allah. Menawa sira nglirwakake pitutur iki apa sira ora wedi marang siksane Allah
  33. Panggedhe wong - wong 'Aad kang padha kafir lan anggorohake kelawan ketemu karo dina akhir, (anggone bakal ditangekake maneh sakwise mati), lan dheweke wis Ingsun paringi kenikmatan ana ing panguripan donya, padha ngucap mangkene, "Nabi Hud iki sapata, ora iya manungsa kaya aku lan kowe kabeh, uga mangan panganan kang padha sira pangan sarta padha ngombe saka barang kang padha sira ombe
  34. Menawa sira padha tanpa budi, mung manut pituture wong sak padhamu wae, sira yekti dadi wong kang kapitunan
  35. Apa Hud janji marang sira, menaaw sira mati, ing mangka sira wis dadi lemah lan balung saktemene sira bakal diuripake maneh
  36. Adoh temen, adoh temen, apa kang dijanjikake marang sira kabeh iku
  37. Urip ingsun iki ora ana maneh kajaba urip ana ing donya, ing tembe bakal mati, sakwise mati, ora pisan - pisan aku kabeh bakal ditangekake
  38. Panemuku Hud ngaku Rosul iku saktemene ora liya mung wong lanang pinter gawe - gawe, ngucapake gegorohan diakokake terang dhawuhe Allah. Aku kabeh ora ngandel
  39. Hud munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning para ummat kawula sampun cetha sami maiben dhateng kula mugi Panjenengan kersa paring pitulungan dhateng kawula
  40. Allah paring pangandika, "Sedhela engkas wong kafir iku bakal getun, keduwung anggone padha maido dhawuhingsun
  41. Wong - wong kafir mau banjur tumpes dening jeritane malaikat Jibril kelawan temen - temen, wong mau nuli Ingsun gawe kaya woh garing (kaya kang digawe banjir). Wong - wong kafir iku tangeh pikantuk rohmate Allah
  42. Sak pungkure wong - wong 'Aad kang padha tumpes, Ingsun banjur nitahake gantine. (kayata ummate Nabi Shalih, Ibrahim, Luth lan ummate Nabi Su'aib)
  43. Ora ana sawijining ummat kang bisa andhisiki ajale lan ora bisa ngundurake
  44. Sakwise iku, Ingsun banjur ngutus para rosul gilir-gumanti. Saben ana rosul nerangake marang ummate, para ummat mau padha anggorohake marang rasule. Mulane para ummat mau iya banjur Ingsun rusak (kaya ummat kang wis dhisik) sarta sejarahe Ingsun dadekake tuladan minangka pepenget marang ummat kang kari, wong kang ora iman padha adoh saka rohmate Allah
  45. Ingsun banjur ngutus Musa lan sedulure aran Harun kanthi tandha yekti lan keterangan kang nyata
  46. Rawuh marang Fir'aun dalah para punggawane. Nanging dheweke iku padha nggumedhe sarta kumalungkung
  47. Fir'aun sak punggawane padha ngucap, "Ya gene aku gelem percaya marang wong loro kang padha wae karo aku, tur kaume (yaiku wong bani Israil) padha kumawula marang aku
  48. Fir'aun dalah punggawane padha anggorohake Musa lan Harun, dheweke padha tumpes dirusak dening Allah (katungkeban ing segara Qulzum)
  49. Lan temen Ingsun wos paring kitab Taurat marang Musa, supaya wong - wong bani Israil padha pikantuk pituduh bener sarta ngestokake surasane kitab Taurat
  50. Lan Ingsun wis dadekake ('Isa) putrane Maryam sarta ibune minangka tandha yekti kuasaningsun. Lan sak klorone wis Ingsun panggonake ana ing panggonan kang dhuwur (yaiku Baitul Muqaddas) kang palemahane rata tur gemah ripah loh jinawi lan ana kaline kang mili banyu
  51. He para utusan sira padha mangana saka panganan kang becik - becik (halal), lan padha nindakna kabecikan, saktemene Ingsun iku maha Ngudaneni marang barang kang padha sira tindakake
  52. Sumurupa saktemene agama Islam iku agama lan syareatira kang siji (Islam). Lan Ingsun iku Pangeran ira kabeh, jalaran sangka sira padha bektia marang Ingsun (padha taqwa)
  53. Ewo dene menungsa banjur beda - beda agamane, dadi pirang - pirang golongan; siji - sijine golongan padha kenceng ngrungkepi panemune dhewe - dhewe padha nduwe pangira menawa agama kang dirungkepi iku wis bener
  54. Wong mengkono mau tinggalen ing kesasarane lan kekafirane (karoben padha mek-mekan kaya wong wuta) nganti tekan mangsane (dheweke padha mati)
  55. Wong - wong kafir mau apa duwe pangira, menawa saktemene kabeh kang wis Ingsun paringake ana ing donya saka banda lan anak (kadadekake kenikmatan)
  56. Kang Ingsun enggal - enggal paringake minangka ganjarane wng - wong anggone padha tumindak becik? Saktemene dheweke padha ora sumurup menawa iku panglulu
  57. Saktemene wong - wong kang padha wedi siksane Allah nganti padha konjem saking dening bektine marang pangerane
  58. Lan kang padha iman ngandel marang ayate Allah pangerane
  59. Lan ora nyekuthokake marang Pangerane
  60. Lan wong - wong kang padha menehake barang kang wis diparingake marang dheweke (saka zakat lan shodaqoh), sarta atine wedi mbok menawa kebecikane ora dianggep dening Allah amarga wong Mukmin mau padha rumangsa ing tembe bakal padha bali marang Pangerane
  61. Wong kang mengkono iku padha balapan lan sregep nindakake kebecikan, lan padha dhisik - dhisikan anggone nindakake kebecikan
  62. Lan Ingsun ora merdi marang sawijining awak, kajaba sak kuwasane, (nglakoni barang kang rekasa). Ingsun kagungan kitab kang nerangake kelawan temen. para wong Mukmin ora bakal dianiaya
  63. Nanging atine wong kafir padha kelimput ora nindakake isine al-Qur'an, padha duwe tindak ala (ora kaya tindakke wong - wong mukmin kang kasebut mau) padha andodro anggone tindak ala mau, mulane padha disiksa
  64. Bareng wis tekan mangsane Ingsun banjur matrapi siksa marang para panggedhene wong kafir mau, ing kono banjur padha sesambat
  65. Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan
  66. Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik
  67. Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr'an ana sak kiwa tengene Baitullah)
  68. Yagene wong kafir mau ora gelem niti priksa (mikir) dhawuhing al-Qur'an, apa padha rumangsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake Allah marang leluhure biyen
  69. Apa wong kafir mau ora weruh marang Rasule, (nabi Muhammad) banjur dheweke padha mungkiri marang utusane iku
  70. Utawa apa dheweke padha ngarani menawa utusan (Muhammad) kang owah akale ? Saktemene utusan mau wis rawuh marang wong - wong iku kanthi ndhawuhake agama kang bener. Nanging akeh - akehe wong iku padha gething marang kang bener
  71. Lan sak upama kebeneran (al-Qur'an) iku manut marang hawa nafsune wong - wong mau (anggone musyrik nganakake pangeran sak liyane Allah, ngarani Allah iku peputra lan sepadhane) mesthi langit bumi sak isine kabeh iku padha rusak. Saktemene Ingsun wis dhawuhake al-QUr'an iki marang wong - wong mau nanging dheweke padha mlengos saka pepilinge
  72. Utawa apa anggonira andhawuhake al-Qur'an iki sira nganggo anjaluk pituwas marang wong kafir, sumurupa ganjaran pangeranira iku luweih becik. Dene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki (paring ganjaran)
  73. Lan saktemene sira (Muhammad) iku temen ajak - ajak ing wong - wong mau marang dalan kang bener (agama Islam)
  74. Lan saktemene wong - wong kang ora percaya marang akherat iku nyimpang saka agama kang bener
  75. Lan upama wong - wong kafir iku Ignsun paringi rahmat lan Ingsun ilangake kesusahane (anggone nandang pailan) mesthi sangsaya ndodro anggone nasar, bali kaya mau - maune
  76. Lan yekti saktemene Ingsun wis nurunake siksa marang wong - wong mau (wujud pailan) nanging dheweke meksa ora gelem sumungkem (andhap asor) marang pangerane lan ora gelem mareni anggone nasar (ora gelem ndendepe)
  77. Nganti padha Ingsun bukaki lawange siksa kang banget abote (yaiku mati ana ing perang Badar), ing kono padha kasip ora bisa ngarep - arep kabecikan
  78. Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur
  79. Lan panjenengane iku kang wis gawe pengrungu, pandeleng lan ati kanggo sira kabeh nanging sethithik banget sira kang padha syukur
  80. Lan panjenengane iku kang gawe urip gawe pati, lan mung panjenengane piyambak kang nguasani bedane wengi lan rina, apa sira padha ora mikir
  81. Nanging wong - wong kafir mau padha ngucap kaya pengucape wong kafir jaman biyen
  82. Wong - wong kafir biyen padha ngucap mengkene, "Besuk menawa aku wis mati sarta wis dadi lemah lan dadi balung apa iya aku kabeh padha bakal ditangekake (diuripake maneh)
  83. Saktemene bab bakal tangine wong kang wis mati iku aku iya wis didhawuhi (Muhammad), para leluhur biyen iya padha didhawuhi dening Rosule dhewe - dhewe. Nanging panemuku kang kaya mengkono ora liya mung gawe - gawene wong jaman biyen, ora bakal ana nyatane
  84. (Muhammad) sira dhawuha, "KAgungane sapa bumi dalah sak isine kabeh iki yen nyata sira sumurp (marang kang kagungan)
  85. Wong - wong kafir mau bakal padha mangsuli, "KAgungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha maneh, "Yo gene kowe padha ora mangerti menawa Pangeran kang kuasa nganakake menungsa iku uga kuasa nguripake wong kang wus mati
  86. (Muhammad) sira dhawuha, "Sapa Pangerane pitung langit lan Pangeraning Arsy
  87. Wong - wong kafir mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira banjur dhawuha, "Yogene kowe padha ora wedi manembah sakliyane Allah
  88. (Muhammad) sira nuli dhawuha maneh mara sapa kang kagungan ngasta pusarane kabeh barang kang dumadi, tur kuasa rumeksa marang barang mau, apa dene ora ana kang bisa ngalang - alangi kersani tumrap kabeh barang kang dumadi mau, apa sira padha sumurup
  89. Wong - wong kafir mau mesthi padha mangsuli, "Kabeh iku kagungane Allah". Yen wis mangsuli mengkono sira dhawuha, "Kepriye kowe padha ora gelem sumungkem ngabekti marang Allah, barang wis terang bener teka kok arani luput
  90. (Muhammad) Ingsun wis andhawuhake barang kang hak marang wong kafir (yaiku anggone ngarani ALlah peputra iku mukhal lan anggone padha musyrik iku luput). Saktemene pengucape wong - wong kafir iku padha goroh
  91. Kang hak, Allah iku ora peputra, lan ora ana barang kang melu jumeneng pangeran, mesthi siji - sijine pangeran mau kudu ngalahake marang pangerane (kabeh iku ora ana nyatane). Allah iku maha suci saka sesipatan kang diucapake wong - wong kafir mau
  92. Allah iku nguningani barang kang ghaib lan barang kang kasat mata. Maha luhur Allah saka barang kang disekutokake dening wong kafir mau
  93. (Muhammad) sira munjukka marang Ingsun mengkene, "Dhuh Panjenengan badhe maringi sumerap dhumateng kawula, anggen panjenengan ngleksanani siksa dhateng tiyang kafir ingkang sampun panjenengan janjekaken
  94. Dhuh Pangeran kawula mugi panjenengan mugi sampun ngatuttaken kawula kasarengake tumut risak para tiyang kafir wau
  95. (Muhammad) saktemen Ingsun kuasa nuduhake marang sira ing siksa kang wis Ingsun janjekake marang wong - wong mau
  96. (Muhammad) sira nulaka tindak ala kelawan tindak kang luwih becik. Ingsun luwih ngudaneni marang barang kang diucapake dening wong - wong kafir mau (ucapan goroh)
  97. (Muhammad) sira munjukka mengkene, "Dhuh Pangeran kawula, Kawula nyuwun reksa dhumateng panjenengan saking panggodaning syetan - syetan
  98. Dhuh pangeran, kawula nyuwun reksa sampun ngantos kedhatengan syetan wau
  99. Wong - wong kafir mau anggone padha musyrik kebacut nganti tekan matine, ing kono banjur ngunjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, mugi panjenengan mangsulaken dhateng donya malih
  100. Supados kawula saget (maos syahadat) nindakaken kesaenan wonten ing donya. Ing perkawis ingkang kawula tilar". (Pangandikane Allah), "Ora pisan - pisan bisabali", saktemene penyuwune iku mung gunem kang diucapake kang ora ana gunane, lan ing sakburine ana aling - aling kang ngalang - alangi wong - wong mau bali marang donya, nganti dinane ditangekake saka pati
  101. Ing besuk menawa slomprete (malaikat Israfil) wis diunekake (dina Qiyamat) dina iku ora ana maneh hambek kumaluhur ing bab nasabe lan ora ana maneh sing takon - tinakon
  102. Sing sapa kang abot timbangane (kabecikan) won g- wong iku kang pikantuk kabegjan
  103. Dene wong kang entheng timbangane, wong - wong mau kang padha kapitunan akawe dhewe bakal langgeng ana ing neraka jahannam
  104. Rahine padha gosong dening geni, wong - wong kafir mau ana ing neraka padha mrengut (mringis)
  105. Wong - wong kafir mau banjur padha tampa dhawuh, "Nalika sira ana ing donya apa ora wis diwacakake ayat - ayat ingsun, dhek samana sira padha anggorohake
  106. Wong - wong kafir mau bajur padha ngunjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, anggen kula maiben punika jalaran sampun kalindhih dhateng cilaka ingkang tuwuh saking awonipun lampah kawula, mila dados tiyang kesasar
  107. Dhuh Pangeran, kawula mugi panjenengan entasaken saking neraka. Menawi ngantos sami purun wangsul kafir malih kaula tetep nganiaya dhateng badan kula piyambak
  108. Allah paring pangendika, "Sira kabeh dadiya asor ana ing neraka, lan aja kakeyan atur marang Ingsun (nyuwun dientasake saka neraka)
  109. Sak temene ana kawulaingsun sak watara yaiku wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mengkene, "Dhuh pangeran, kawula punika iman dhateng panjenengan mugi - mugi panjenengan kersa paring pangapunten dhateng kalepatan, saha mugi angngrentahna sih dumateng kawula. Inggih Panjenengan punika sae - sae ning dzat ingkang paring rahmat
  110. (He wong kafir) kawulaningsun kang padha munjuk mengkono mau banjur padha sira anggo bulang - bulang lan sira nggeguyu nganti kelimput lali marang Ingsun
  111. Saktemene dina iki, Ingsun angganjar wong - wong mukmin kelawan suwarga jalaran anggone sabar lan teguh atine. Saktemene dheweke wong mukimin iku wong - wong kangpadha pikantuk kabegjan
  112. ALla andangu marang wong kafir, "He wong kafir, pirang tahun lawase sira manggon ana ing bumi
  113. (Wong - wong kafir mau) banjur padha matur, "Anggen kawula wonten ing donya rumiyin namung sedinten utawi setengah dinten. SUmangga andangua dhumateng Malaikat ingkang nyatheti ngamaling manungsa
  114. Allah ngendika, "Menawa sira padha weruh lan mangerti, anggonira ana ing donya biyen, mung sedhela banget, menawa sira weruh
  115. Apa sira duwe pengira, menawa anggoningsun nitahake sira iku mung dedolanan, tanpa guna, lan saktemene sira ora disowanake marang ngasaningsun
  116. Maha luhur Allah. Raja kang sejati (haq), ora ana Pangeran kang wajib disembah kejaba Panjenengane piyambak, Pangeran Arasy kang mulya
  117. Dene wong kang manembah marang pangeran liya bebarengan manembah marang Allah, etmen dheweke ora duweni tandha yekti lan keterangan marang kepengeranane sesembahan liyane iku, saktemene piwalese wong - wong mau mung gumantung marang Pangerane. Saktemene wong - wong kafir iku ora pikatuk kabegjan
  118. (Muhammad) sira munjuka marang Pangeranira, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan kersa paring pangapunten tuwin kersa paring rahmat dhateng para kawula ingkang mukmin. Dne Panjenengan punika sae - saening Pangeran ingkang paring rahmat (sempurna Piyambak)