20.Taa-Haa

  1. Thaa Haa
  2. Ingsun ora nurunake kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) supaya dadi rekasa
  3. Nanging Ingsun nurunake kitab al-Quran supaya dadi pepenget marang wong kang bekti marang Allah
  4. Kitab al-Quran iku tumurn saka ngarsane Allah, pangera kang nitahake bumi lan langit kang duwur
  5. Panjenengane Pangeran kang Maha murah iku mrintah anindakake murba wasesa ana ing 'Arsy
  6. Allah iku kagungan kabeh ana ing langit - langit lan bumi, lan kabeh kang ana antarane bumi lan langit, sarta barang kang ana ing sangisore bumi
  7. Lan menawa sira nyerukake pangucapira, temen panjenengane Allah iku ngawuningani kang disidhem lan kang dibatin
  8. Panjenengane Allah, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak. Panjenengane kagungan asma kang becik
  9. (Muhammad) apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa
  10. Nalika dheweke nabi .usa sumurup geni, banjur ngendika marang ahline, "Sira padha lerena ana ing kene dhisik, geni kae tak paranane, tak nyumet obor, banjur tak bali mrene, utawa bokmenawa ing kana aku ketemu wong kang nuduhake dalan
  11. Bareng nabi Musa wis tekan panggonane geni, ditimbali dening Allah. Pangandikane,"He Musa
  12. Saktemene ingsun iki pangeranira. Mara copoten trumpahira, jalaran saktemene sira saiki ana ing jurang suci kang aran jurang Thuwaa
  13. Lan Ingsun wis milih sira, ingsun junjung dadi utusaningsun, lan ingsun parengake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngestokakna (ngrungokna) apa kang wis kawacakake marang sira
  14. Saktemene Ingsun iki Allah, ora ana Pangeran kajaba Ingsun. Jalaran saka iku sira manembaha marang Ingsun, sarta nindakake shalat klawan eling marang Ingsun
  15. Saktemene bakal tekane dina Qiyamat iku mesthi kaleksanan, meh - meh Ingsun gawe dadi tekane Qiyamat iku kanggo males sakabehing badan apa kang wis ditindakake (ala lan becik)
  16. Awit saka iku, sira aja nganti kelu (dienggokake) marang wong kang ora percaya marang bakal kelakone dina qiyamat sarta nuruti karepe hawa napsu. Manawa sira kelu mesthi bakal rusak
  17. Lan apa kang sira cekel ana ing tanganira tengen iku, Musa
  18. Nabi Musa munjuk, "Punika teken kawula. Kawula angge teteken, sarta kawula angge nggegepyok ron - ronan kangge pakanipun menda kawula, saha kangge sanes - sanesipun
  19. Panjenengane Allah paring dhawuh, "He, Musa, mara uncalna tekenira iku
  20. Nabi Musa banjur nguncalake teken mau. Dumadakan teken iku dadi ula gede kang mlaku (nlosor)
  21. Allah paring pangandika, "Mara ula iku jupuken, aja wedi. Ingsun bakal balekake ula iku marang kahanane sekawit, dadi teken maneh
  22. Lan mara tanganira (epek - epekira) kempitna ana ing caklaanira yekti bakal malih dadi putih mencorong tanpa cacat (dudu putih belang). Iku dadi tanda yekti siji maneh kang mratandhani menawa sira dadi utusaningsun
  23. (Kejaba tanda yekti loro iku) sira Ingsun tuduhake tondaha yektiningsun kang luwih gedhe
  24. Saiki sira mangkata, ingsun utus ketemu Fir'aun. Satemene dheweke iku banget lacute
  25. Nabi Musa munjuk, "Dhu Pangeran pepundhen kawula, mugi panjenengan paring pepadhang manah (anjemberaken dhadha) kawula
  26. Saha mugi panjenengan paring gampil anggen kawula nglampahi ajakan kawula
  27. Saha mugi mantunaken cidaliput ilat kawula
  28. Supados Fir'aun dalah para kaumipun sami mangertos wicantenan kawula
  29. Saha kawula mugi kaparingan pembantu ingkang klebet ahli kawula
  30. Inggih punika Harun, sedherek kawula kaliyan piyambakipun
  31. Saha mugi panjenengan ngiyataken geger kawula kaliyan piyambakipun
  32. Saha mugi nyarengaken Harun ambantu kawula wonten ing padamelan kawula punika
  33. Supados kita kekalih sami ngathah - ngathahaken anggen kula maha nucekaken Panjenengan
  34. Punapa malih ngathah - ngathahaken anggen kita enget dhateng panjenengan
  35. Saestunipun Panjenengan punika ngawuningani dhateng kita sedaya
  36. Allah paring pangandika, "He Musa, temen Ingsun wis gnabulake apa sing dadi panyuwunira
  37. (Liyane iki) temen Ingsun wis paring kanugrahan sepisan maneh marang sira sadurunge iki
  38. Yaiku nalika Ingsun paring wahyu (ilham) marang ibunira, kaya kan gwis Ingsun dhawuhake mengkene
  39. (Sarehne sira kuwatir mbok menawa anakira dipateni Fir'aun), anakira iku sira wadhahana ing peti, nuli kentirna (cemplungna) ana ing bengawan (Nil). Bengawan nil bakal minggerake peti mau marang pinggir anakira bakal ditemu (dijupuk) dening mungsuh Ingsun lan mungsuh ira (yaiku Fir'aun). Lan Ingsun paring asih marang sira (Musa), supaya sira, kinasih lan supaya diopeni kanthi pikantuk penjagaan
  40. Dheksamana sedulurira wadon (Maryam) lumaku perlu ngodhol marang sira. Bareng sira ditemu dening para abdining Fir'aun, dheweke banjur celathu marang kang nemu, "Punapa panjenengan kersa kula tedahi tiyang ingkang saget ngopeni lan nyesepi bayi punika?" (wong kang nemu bayi mau banjur setuju, Maryam banjur ngundang ibune). Ingsun nuli mbalekake sira marang ibunira supaya atine seneng sarta ora sedhih. Lan sira wis mateni sawijining wong (Qibthi), sira Ingsun paringi selamet saka kesusahan jalaran anggonira mateni iku. Lan Ingsun maringi pirang - pirang coba mawarna - mawarna (lan uga Ingsun paringi selamet), sira nuli manggon ana ing ahli Madyan (dalane nabi Syu'aib) pirang - pirang tahun (kurang luwih tahun) (sarta ngrabeni putrane), sira banjur bali maneh sawise tumeka mongsa kang wis Ingsun temtokake marang sira
  41. Ln sira wis Ingsun pilih supaya nampa wahyu lan risalah saka ngarsaningsun
  42. Sira karo sedulurira (Harun) padha mangkata, perlu ngundangake dhawuhingsun marang manungsa kabeh, kanthi ngampil ayat ingsun. Lan sira sakloron aja kendhat - kendhat eling ngundhangake dhawuhingsun
  43. Sira sakloron padha mangkata nemoni raja Fir'aun, jalaran dheweke iku banget lacute
  44. Sira sakloron padha dhawuhna raja Fir'aun kanthi aris (andhap asor), muga - muga dheweke gelem nampa pepeling utawa wedi marang Ingsun
  45. Sak karone padha munjuk, "Dhuh Allah Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika kuwatos mbokmenawi Fir'aun lajeng misakit utawi mejahi dhateng kawula, utawi mbokmenawi sang saya sanget anggenipun siya - siya dhateng kawula
  46. Allah paring pangandika, "Sira aja padha kuwatir, saktemene Ingsun anjangkung marang sira, ingsun mireng aturira lan mirsani marang sak solah tingkahira
  47. Sira sak kloron tekoa marang Fir'aun sarta dhawuha mengkene: kula kekalih punika utusanipun Allah pangeran panjenengan, jalaran saking punika tiyang - tiyang bani Israil sarta kula mugi kalepasna saking pandamelan sarta sampun panjenengan siksa. Sayektosipun kula dhateng panjenengan punika ambekta tandha yekti saking pangeran panjenengan. Lan kawilujengan tetep dhateng tiyang ingkang manut pitedah
  48. Sayektosipun kula sami kaparing wahyu, bilih siksa punika kaptrapaken dhateng tiyang ingkang anggorohaken para utusan tuwin mlengos
  49. Fir'aun banjur pitakon, "He Musa lan Harun sapa pangeranira iku
  50. Musa mangsuli, "Dene pangeran kula inggih punika Allah ingkang sampun paring sadoya kabetahanipun para titah. Saklajengipun panjenenganipun paring pitedah marginipun kawilujengan
  51. Fir'aun pitakon maneh, "Kepriye kahanane ummat kang wis kapungkur
  52. Musa banjur mangsuli, "Ingkang wuninga lelampahanipun para ummat ingkang sampun kapengker punika namung Allah pangeran kawula, perkawis punika sampun kaserat wonten Lauhil Mahfudz. pangeran kula boten badhe klento lan boten kesupen
  53. (Panjenengane pangeran) kang wis nitahake bumi iki jumereng kanggo sira kabeh, sarta panjenengane wis ndadekake pirang - pirang dalan ana ing bumi kanggo sira kabeh, sarta panjenengane nurunake banyu saka ing langit. Ingsun nuli ngetokkake sarwane thethukulan kang beda - beda rupane
  54. (He para manungsa) sira padha mangana thethukulane bumi lan padha angona raja kayanira. Saktemene kang mengkono iku temen dadi tonda yekti tumrap wong kang duwe akal
  55. Sira padha ingsun titahake saka ing bumi, lan bakal ingsun balkake ana ing bumi maneh, sakbanjure sira bakal ingsun wetokake sangka bumi sapisan maneh
  56. Lan temen ingsun wis meruhake kabeh ayat - ayat Ingsun marang Fir'aun nanging dheweke malah anggorohake lan ora gelem nampa
  57. Fir'aun banjur ngucap, "he Musa paa tekamu iki tegel nundhung aku sak kukuban saka ing bumi negaraku kene (negara Mesir sarana sihirmu iku)
  58. Temen aku bakal nekakake sihir marang sira kanggo nandingi. Jalaran saka iku mara gawea perjanjian ora kena disulayani dening aku lan sira ana ing panggonan kang adil
  59. Musa mangsuli, "Panjenengan temtokaken benjing dinten ageng kemawon mangsanipun tiyang sami mangangge pameran, ing mriku para tiyang sami dipun klempakakke ing wanci injing
  60. Fir'aun nuli mlengos dhawuh nglumpukake juru sihir, sakwise nglumpuk banjur diirit marang panggonan kang ditemtokake, ing dina kang wis ditemtokake. Ana ing kono tempok karo Musa
  61. Musa banjur celathu marang wong - wong sihir mau, "He para juru sihir, cilaka temen kowe, aja wani - wani gawe celathu goroh ngarani tandha yektine Allah iku sihir. Allah bakal numpes kowe kabeh kanthi siksa, lan wong kang gawe - gawe iku bakal nandhang kapitunan
  62. Para juru sihir mau banjur padha kumpul rerembugan padha papadhon (ana kang ngarani Mukjizat nabi Musa iku sihir lan ana ing ngarani dudu sihir) sarta padha nyidhemake anggone padha rerembugan
  63. Para juru sihir mau banjur padha ngucap, "Saktemene wong loro iku (Musa lan Harun) yekti juru sihir kang arep nundung sira saka bumi-nira kanthi ilmu sihire. Lan arep ngilangake dedalane agamanira kang pancen utama
  64. Jalaran saka iku digolong anggonmu padha ngetokake keluwihanmu ing ilmu sihir, nuli padha majua kanthi saktata barisan. Ing dina iku sing sapa sihire unggul lan menang mesthi beja
  65. Para juru sihir banjur celathu, "He nabi Musa punapa panjenengan nguncalaken teken rumiyin punapa kula ingkang rumiyin nguncalaken teken lan tampar kula
  66. Musa banur mangsuli, "Sira nguncalaken dhisik" (para juru sihir padha nguncalake teken lan tampare) sak naliko iku sihire para juru sihir tumama marang nabi Musa, tampar lan teken katon padha dadi ula, padha mlaku pating talesep
  67. Musa krasa wedi ana ing sakjroneng atine
  68. (Pangandikane Allah), "Ingsun dhawuh marang Musa, Sira aja wedi lan kuwati, jalaran saktemene sira kang bakal luwih unggul lan menang
  69. Lan teken kang ana tangan tengenira iku sira uncalna (mesthi dadi ula gedhe) banjur nguntali ulane para juru sihir mau, awit ula mau dudu ula temenan, mung pangreka dayane juru sihir bae. Lan para juru sihir iku ana ing endi - endi panggonan ora bakal beja lan menang
  70. (Sakwise tekene Musa diuncalake lan nguntal kabeh ulane para juru sihir mau) para juru sihir mau tumuli padha njungkel sujud ing Allah. Bareng wis tangi banjur padha matur, "Kula sami pitados dhateng pangeranipun Harun lan Musa
  71. (Fir'aun banget nepsune marang juru sihire) pengucape, "Ya gene kowe durung oleh palilahku teka banjur percaya marang Musa. Yen mengkono Musa iku penggedhemu kang mulang sirih marang kowe. Lah ya rasakna, kowe mesthi bakal tan junjang, tak kethok tanganmu tengen lan sikilmu kiwa, lan bakal tak penthang ana wit kurma. Ing kono kowe bakal sumur sapa kang siksane luwih abot lan langgeng
  72. Para juru sihir banjur padha matur, "Kula sami boten badhe milih panjenengan, maiben tandha yekti ingkang sampun kula sumerapi kanthi terang punika babar pisan bote. Dene pangancam panjengan dhateng kula kathah - kathah inggih sumangga panjenengan tindakaken. Demi Allah ingkang sampun angawontenaken kula, anggen panjenengan badhe misakit dhateng kula punika namung tumrap wonten ing donya kemawon
  73. Sak estunipun kita punika iman dhateng Allah Pangeran kula, supados Allah paring pangapunten kalepatan kula sadaya langkung-langkung malih anggen kula purun panjenengan peksa sinau sarta nindakake sihir. Dene ganjaranipun ALlah punika langkung sae ngungkuli ganjaran panjenengan saha langgeng
  74. Saktemene wong kang padha sowan (mati) marang pangerane kalayan dosa (kafir) iku bakal pikantuk (kaptrapan neraka jahanam). Ana ing kono dheweke iku ora mati lan ora urip
  75. Dene wong kang sowan marang ngarsane pangerane kalayan percaya (iman) lan wis nindakake laku becik, iku dheweke bakal pikantuk pangkat kang luhur (ana ing suwarga)
  76. Yaiku suwarga 'Adn panggonan langgeng, kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono wong - wong mau padha langgeng. Mengkono iku ganjarane wong kang suci saka dosa
  77. (Pangandikane Allah), "Lan temen Ingsun wis paring wahyu marang Musa, 'He Musa lungoa (lumakua) ing wayah bengi (saka ing tanah Mesir) bareng karo kawulaningsun (bani Israil). tekenira sira sabetna ing segara, mesthi banjur piyak, dalan gedhe, asat tur resik. Sira lumaku ing kona tanpa kuwatir kecandhak Fir'aun, lan ora kuwatir kerem ing segara
  78. Musa sarta sapendhereke nuli diburu (disusul) dening Fir'aun sawadya balane, (miturut cerita cacahe . lan dipenggedheni dening Opsir wadyabala kang tangguh padha melu mlebu ing segara) banjur padha tumpes tinungkep ing banyu segara
  79. Fir'aun mau tetep nasarake para kaume kabeh padha mati kafir, padha ora pikantuk pituduh
  80. (Pangandikane Allah), "He wong Bani Israil. Temen Ingsun wis paring selamet marang sira ucul saka satrunira Fir'aun, lan Ingsun wis janji marang sira supaya sira teka marang gegering gunung sisih tengen (Tursina), sarta nalika ana ing ara - ara teh, sira Ingsun paringi pangan rupa manna lan salwa
  81. (Dhawuh Ingsun), "Sira padha mangana peparingingsun rejeki kang becik - becik, lan poma dipoma sira aja padha ngluwihi wates, mundhak kena bebenduningsun. Lan sapa kang kena ing bebenduningsun, mesthi kacemplung ing neraka
  82. Satemene Ingsun iku Maha Pangapura marang wong kang gelem tobat, lan iman sarta nindakake kebecikan, lestari netepi pituduh bener nganti tumeka ing waktune mati
  83. He Musa, sebab apa sira teka kesusu anggonira seba marang Ingsun, nganti ngelancangi para kaumira
  84. Nabi Musa matur, "Tetiyang wau wonten ing wingking kawula mboten tebih, persasat sareng kemawon kaliyan kawula. Dhuh Pangeran kawula. WOndene anggen kawula kesesa kedhangkalan mareg ing panjenengan punika supados paringa karidhaan panjenengan dhateng kawula
  85. Allah paring pangandika, "Sapungkurira, para kaumira padha Ingsun paringi coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak manembah pedhet mas)
  86. Nabi Musa (bareng wis patang puluh dina anggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Taurat) banjur bali marang panggonane para kaume (wong Bani Israil) Musa ngendika, "he para kaumku. Pangeranmu apa ora wis paring perjanjian becik marang kowe (kowe bakal diparingi kitab Taurat) lan apa kesuwen anggonmu padha ngenteni tekaningsun (saka ing gunung anggawa kitab Taurat kang wis dijanjekake dening Allah) utawa apa sira pancen njarag supaya kena bebenduning Allah Pangeranira, (dene sira teka manembah pedhet mas) nyidrani perjanjianira marang ingsun
  87. Para kaume Musa, (yaiku para kaum Bani Israil) banjur padha matur, "Anggen kita nyidrani perjanjian kita dhateng panjenengan punika boten saking kajeng kula piyambak, lugunipun makaten: nalika kesah kita saking Mesir punika rumiyin, sami mbekta rajabrana gadahanipun tiyang mesir. Sarehning barang punika sanes leresipun dados gadhahan kita, saking pembujuking tiyang golongan Samiri
  88. Rajabrana wau dipun klempakaken, lajeng dipun cithak dados pedhet mas, ingkang mawa daging lan ruh, tur saget nyuwanten pangucapipun (tiyang Samiri), "Iki Pangeranmu lan Pangerane Musa uga, dheweke kelalen
  89. Wong kang padha manembah pedhet mas mau apa ora duwe panemu menawa pedhet mas ikuora bisa mangsuli pitakon apa - apa, lan ora bisa agawe kemlaratan, apa dene piguno marang dheweke
  90. Sadurunge iku, Harus wis paring pituru mengkene, "He para kaumku. Satemene sira iku padha kena coba pedhet mas. lan satemene pangeranira iku Allah Kang Maha Welas. Awit saka iku sira padha manuta marang agamaningsun lan manuta marang dhawuhingsun
  91. Wong - wong bani Israil padha mangsuli, "Inggih kajengipun. Kula boten badhe kendel anggen kula manembah pedhet mas, kantenipun benjing menawi Musa sampun kondur" (punapa duka, punapa lajeng tumut manembah pedhet mas)
  92. Musa banjur pitaken, "Dhuh Kang mas harun punapa ingkang angalang-alangi nalika panjenengan sumerep tiyang - tiyang Bani Israil sami sasar (manembah pedhet mas)
  93. Panjenengan boten enggal - enggal manut kula (nerangaken kemsyurikanipun tiyang - tiyang bani Israil). Punapa pancen panjenengan jarag sengaja nyulayani piweling kula
  94. Harun mangsuli, "Dhuh putrane sibu. Sira aja nyekeli jenggot lan sirahku. Satemene Ingsun kuwatir yen sira ngucap mengkene, "Dhuh kangma Harun, Satemene sira wis misahake kaum Bani Israil, lan sira ora ngreksa marang ucapaningsun
  95. Musa takon, "Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku he Samiri
  96. Samiri matur, "Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (Bani Israil). Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng cangkemipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos) Lan kados makaten punika nafsu kawula sampun memaesi kawula tumindak makaten punika
  97. Musa banjur dhawuh, "He Samiri. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip). Satemene kanggo piwalesira ana ing panguripan donya sira ngucap, "Ora gepok senggol" (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa bae). Lan sayekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akherat), kang ora bisa sira sulayani. Lan delengen Pangeranira kang salawase sira sembah, yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara
  98. Satemene Pangeranira kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Panjenengane piyambak, kang kawruhing Allah iku jembar banget anglimputi kabeh perkara
  99. Kaya mengkono anggoningsun nyritakake lelakone Ummat ing zaman kuna marang sira (Muhammad). Lan tmen Ingsun wis paring marang sira pitutur (Qur'an) saka ngarsaningsun
  100. Sing sapa mlengso, ora percaya marang al-Qur'an, temen dheweke iku besuk ing dina Qiyamat bakal nggendhong dosa
  101. Anggone padha nandang siksa patrapaning dosa mau langgeng. Lan ala teman anggone padha nggendhong dosa besuk dina Qiyamat
  102. Iya iku ana ing dina nalika slomprette Malaikat Israfil kang isi sakehing nyawa disebul. Ing dina iku Ingsun nglumpukake wong - wong kang padha dosa, mripate pada wuta
  103. Dheweke padha pating klesik crita marang kancane, "Anggonmu ana ing donya biyen, kira - kira apa mung tahun lawase
  104. Ingsun luwih ngudanenn ing kabeh kang padha diucapake nalika wong kang luwih pinter dhewe mangsuli, "Anggonira padha ana ing donya iku kira - kira mung sedina
  105. Muhammad, dheweke padha pitakon marang sira saka kahanane gunung - gunung besuk ing dina Qiyamat, sira dhawuha, "Besuk dina Qiyamat, gunung - gunung iku padha dibedholi dening Pangeranku, bakal diawur - awurake dening Pangranku kadadekake lebu kang mawur
  106. Ing kono bumi banjur warata ngethak - ngenthak
  107. Sira ora sumurup ana ing bumi kono ana kang mendhak - mendhukul
  108. Ana ing dina iku, kabeh wae pada manut marang panguwuhe (pangajake) Malaikat Israil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing ngarsane Pangeran) ora ana kang nyleweng. Suwora - suwora padha meneng, konjem karana wedi marang pangeran kang Maha Welas. Kowe ora krungu suwara apa - apa, kajaba mung suwara kleset - kleset
  109. Ing dina iku ora ana syafa'at (pitulung) kang migunani, kajaba syafa'ate wong kang pikantuk idzine Pangeran kang Maha Welas, sarta kang ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa'at (yaiku pangucap: Laa Ilaaha Illallah, Muhammadaur Rasulullah)
  110. Panjenengane ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Lan ilmune wong - wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah
  111. Lan kabeh rahi padha konjem sujud marang Pangeran Kang Sugeng lan kang Jumeleng pribadi. Lan yekti kapitunan wong kang padha mikul dosa (besuk dina Qiyamat)
  112. Dene wong kang nindakake kebecikan sarta dheweke iki iman, ora kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora sumelang (kanthi dikurangi kebecikane)
  113. Lan mengkono iku Ingsun wis nurunake kitab al-Qur'an kanthi basa Arab, lan Ingsun nerangake ancaman ana ing kitab al-Qur'an iku. Muga - muga wong - wong mau padha wedi marang Allah utawa dadi pepeling marang dheweke
  114. Panjenengane Allah Raja kang sejati iku Maha Luhur. (Muhammad), sira aja age-age ndhawuhake Qur'an, yen durung nampani saka Malaikat Jibril klawan lahir kang nganti terang tegese. Lan sira nyenyuwuna marang Allah mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Mugi panjenengan kersa nambahi kawruh dhumateng kawula
  115. Lan sadurunge kedadeyan wong- wong mau ngudari perjanjian, yekti Ingsun luwih dhisik wus paring perjanjian marang Nabi Adam yaiku Ingsun larangi ora kena cedhak - cedhak, (luwih maneh mangan woh Khuldi) dheweke nuli lali marang janjine, lan Ingsun ora nemu dheweke iku duwe kesabaran
  116. (Muhammad)sira nyaritakna nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat kabeh, "Sira padha sujuda marang Nabi Adam". Ing kono kabeh Malaikat padha sujud marang Nabi Adam, kajaba mung Iblis. dheweke bangkang ora gelem sujud marang Nabi Adam
  117. Ingsun nuli ngendeika, "He Adam, satemene Iblis iki satrunira lan satrune rabinira. Jalaran saka iku sira wong sakloron, ngati - ngati aja nganti Iblis bisa ngetokake sira sakloron saka suwarga, jalaran ing mengkono sira mundhak cilaka
  118. Yekti sira ana ing suwarga kono (wis kapenak) ora nate keluwen lan ora kawudan
  119. Lan satemene sira ana ing suwarga kono ora ngelak lan ora kena panasing srengenge
  120. Ing kono syetan banjur anggoda marang Adam, ature: "Dhuh Adam. Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken wit langgeng sarta kraton ingkang boten saged risak? (menawi panjenengan dhahar woh wit wau panjenengan langgeng wonten ing suwarga boten pejah)
  121. Adam sakloron karo garwane banjur padha mangan woh mau, sanalika banjur rumangsa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggu tutp (awer - awer) ron-ronan suwarga. Marga saka iku Adam kadukan ing Allah, lan luput pangarep - arepe
  122. Sawise kadukan banur kapilih maneh dening Allah Pangerane, sarta diapura kaluputane, lan dituduhake dalan bener
  123. Panjenengane Allah paring pangandika, "Sira sakloron padha mudhuna saka suwarga. Sira saturun - turunira dadi satrune iblis saturun - turune. Ing mengkono menawa ana pituduh saka ngarsaningsun, sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dheweke ora bakal kesasar lan cilaka
  124. Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab al-Qur'an) yekti dheweke bakal nduweni panguripan kang rupeg. Ign besuk dina Qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukake nanging mripate wuta
  125. Wong mau munjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, Kados pundi panjenengan nglempakaken kawula kanthi mripat wuta, ing mangka rumiyinipun kawula punika melek awas boten wuta
  126. Panjenengane ALlah ngendika, "Iya mengkono kersaningsun. Awit nalika ana ing donya, sira wis ketekan ayat - ayatingsun, nanging sira lirwakake. mula ing dina iki sira uga dilalekake (ana ing neraka)
  127. Lan mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong kang ngluwihi wates lan ora percaya (Iman) marang ayat - ayatte Pangerane. Yekti siksa ing akherat iku luwih banget lan luwih langgeng
  128. Apa Qur'an durung nedahake, wis kaping pira Ingsun ngrusak sadurunge wong-wong mau saka ummat kang wis kuna kang negarane sok diliwati dening wong-wong mau? Satemene kang mengkono mau iku temen dadi tandha yekti tumrap wong kang duwe akal
  129. Lan saupama luwih dhisik ora wis diputusake saka ngarsane Pangeranira (yaiku ngakhirake siksa) lan ora ditetepake mangsane kang kasebut (ing dina Qiyamat), yekti siksa ikukapatrapake marang dheweke ana ing donya iki
  130. Mulane (sira Muhammad) sabar krungu pangucape wong - wong kafir lan Maha Sucekna Allah sarta shalata klawan ngunjukake puji marang Pangeranira sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surupe (yaiku Shalat Shubuh lan 'Ashar) lan ing wayah wengi (Maghrib lan Isya), uga shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sira nampa paringe Pangran ganjaran marang sira
  131. Lan maneh mripatira loro aja andeleng marang peparingingsun kabungahan ing donya marang wong-wong kafir warna-warna. Sumurupa, kabeh mau minangka kanggo nyoba marang wong-wong kafir. Dene rejekine Allah kang wujud suwarga iku luwih becik sarta langgeng, ngungkuli peparing Ingsun marang wong-wong kafir mau
  132. Lan sira prentaha marang ummatira supaya padha shalat, kanthi mantep (tlaten). Ingsun ora mundhut rejeki marang sira, nanging Ingsun kang paring rejeki. Dene wekasan kang becik utawa ganjaran suwarga, iku kaparingake marang wong kang bekti marang Panjenengane Allah
  133. Lan wong - wong kafir (musyrik) padha ngucap mengkene, "geneya (Muhammad) ora nekakake tandha yekti marang Ingsun saka Pangerane?" Apa wong-wong mau durung ketekan keterangan-keterangan kang ana ing kitab kang dhisik (Taurat)
  134. Lan saupama Ingsun ngrusak (numpes) wong kafir iku kanthi siksa, tanpa ngutus Rasul dhisik, lan tanpa nurunake al-Qur'an, wong kafir mau besuk ing dina Qiyamat, mesthi sesambat mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Awit saking punapa Panjenengan mboten kersa ngutus Rasul, ingkang nerang - nerangaken dhumateng kawula. Upami Panjenengan ngutus Rasul kawula temtu ngestokaken dhawuh lan prentah Panjenengan, saderengipun kawula dipun remehaken lan dipun siksa wonten ing neraka jahanam
  135. (Muhammad) sira dhawuha, "Kabeh (aku lan kowe) iki padha ngenteni (giliranne zaman). Jalaran saka iku sira padha ngentenana, yekti sira bakal sumurp, sapa kang nduweni dalan kang bener lan sapa kang pikantuk pitedah