19.Mary

  1. Kaaf Haa Yaa 'Aiin Shaad
  2. (Dene kang sira waca iki Muhammad), nyaritakake rahmate Pangeranira kang kaparingake marang kawulane, yaiku Nabi Zakariya
  3. Nalika dheweke (Zkariya) ngedonga mrang Pangerane kalawan pandonga kang disidemake
  4. Unjkke, "Dhuh Pangeran kwula, kawula punika sampun sepuh, balung kula sampun ringkih, sira kula sampun mabluk uwanipun, namung senajana makaten kawula boten cilaka kalayan ndodonga Panjenengan punika dhuh Pangeran kawula
  5. Sarta saestunipun kawula kuwatos dhateng ahli waris kawula (ajrih boten leres anggenipun nyepeng khilafah) sapengker kawula, ing mangka simah kawula punika gabug. Jalaran saking punika, muga Panjenengan paring dhateng kawula sesulih (anak ingkang karidhan) saking ngarsa Panjenengan
  6. Anak kala wau ingkang badhe nampi warisan saking kawula tuwin saking kulawarga Ya'qub, sarta mugi Panjenengan dadosaken lare ingkang pikantuk karidhan Panjenengan, dhuh Pangeran kwula
  7. (Dhawuhe Allah), "He Zakariya, satemene Ingsun paring pawarta bungah marang sira bakal keparingan anak aran Yahya. Sadurunge iku, ora ana wong siji - sijiya kang Ingsun paringi jeneng kaya mangkono
  8. Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget
  9. Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)
  10. Nabi Zakariya matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan paring tetenger dhateng kawula". Pangandikane Allah, "Iya, tandha yekti sira bakal duwe anak lanang mengkene: sajrone telung dina telung bengi, sira aja caturan karo manungsa, tur kowe ora lara apa - apa (ora bisu)
  11. Nabi Zakariya banjur metu saka ing Pangimaman (mikhrab, panggonan anggone munajat), ketemu para kaume. Sarehning ora pareng guneman, mula mung aweh isyarat marang para kaume, "Sira kabeh padha shalata (Maha sucekake marang Allah) saben isuk lan sore
  12. (Ringkese Nabi Zakariya duwe anak lanang sarta banjur dijenengake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi Nabi, Ingsun paringi kawicaksana, tur isih bocah. Pangandikaningsun, "He yahya, saiki sira nyekela ('amalna) kitab Taurat klawan temen - temen
  13. Lan maneh Nabi Yahya mau Ingsun paringi bebuden welasan marang sepapadhaning manungsa sarta resikan (uga atine), lan dheweje iku wong kang taqwa (wedi, ngabekti) marang Pangerane
  14. Lan samono uga bekti marang wong tuwane loro, apa maneh dheweke iku ora duwe sifat gumedhe sarta ora duraka
  15. Nabi yahya mau Ingsun paringi selamet saka sakehing ribet wiwit nalika metu saka ing guwa-garbane keng ibu, lan nalika tumekane janji (sedane) sarta besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati
  16. He Muhammad, sira nyritakna lelakone Maryam ana ing kitab (al-Qur'an), nalika dheweke (Maryam) dhelik anenepi (sumungkir) ana ing panggonan sawetane Baitul Muqaddas saka para kawulawargane
  17. Dheweke (Maryam) mau nuli gawe aling - aling, dienggo ngaling - alingi para kawulawargane. Ingsun nuli ngutus Malaikat Jibril supaya nemoni Maryam, sarta tekane Jibril iku nyaru arupa manungsa kang sampurna
  18. Maryam banjur matur marang Malaikat Jibril, "Sayektosipun kula nyuwun reksa dhateng Ingkang Maha Welas saking panjenengan, menawi panjenengan bekti dhateng Panjenenganipun Allah, sampun ngantos kenging paggodha jalaran panjenengan
  19. (Malaikat Jibril mangsuli), "Sajatosipun kula punika satunggaling Utusanipun Pangeran Panjenengan, supados kula paring satunggaling putra jaler dhateng panjenengan ingkang suci
  20. Maryam mangsuli matur, "Kados pundi sagedipun kaleksanan kula badhe gadhah anak, ing mangka boten wonten manungsa (bojo) ingkang anggepok kaliyan kula, sarta kula punika sanes tiyang isteri awon
  21. (Malaikat Jibril) paring wangsulan, "Leres, mila mekaten, nanging Pangeran panjenengan sampun paring dhawuh, "Perkara anggoningsun maringi anak lanang marang maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. KLang Ingsun damel kang koyo mangkono iku supaya dadi tandha yekti kuwasaningsun marang para manungsa dadi rakhmat saka ngarsaningsun. Lan perkara nitahake 'Isa iku perkara kang wis diputusake
  22. (Malaikat Jibril banjur ndamoni Maryam), sanalika Maryam banjur bobot, sarta sawse mbobot iku, dheweke nuli nyingkir marang panggonan kang adoh
  23. Bareng wis tekan wancine nglahirake jabang bayi, Maryam nglarani, nuli lunga menyang sangisore wit kurma sarta banjur celathu, "Adhuh, bok ya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang kang mengkene iku sarta muga - muga kahananku dilalekake lan ora disebut - sebut
  24. Malaikat Jibril banjur mangsuli nguwuh - nguwuh ana ngisore Maryam, "He Maryam, panjenengan sampun sisah. Allah Pangeran panjenengan sapunika angawontenaken lepen ingkang mili wonten ngandhap panjenengan punika
  25. Lan ugi angoyagna wit kurma ingkang panjenengan sendheni punika. Saking kersanipun Allah wit kurma ingkang sampun garing punika samangke dados ijem seger sarta medal wohipun sanalika kangge panjenengan
  26. Samangke panjenengan kula aturi dhahar lan ngunjuk, sarta dipun tentremaken panggalih panjenengan. Menawi panjenengan kepanggih kaliyan tetiyang ingkang pitaken, supados kajawab, "Satemene Ingsun wis nadzar marang Pangeran Kang Maha Welas kalawan pasa, dina iki aku ora bakal guneman karo manungsa
  27. Maryam baeng wis rancag, waras lan resik, banjur bali marang panggonane para kaume kanthi mbopong putrane. Para kaume banjur padha nyruwe, pangucape, " He Maryam, yekti sira nglakone penggawe kang ngeram - eramake kang ora disenengi (yaiku peputra tanpa bapa)
  28. He sedulure Harun (He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun)Ramamu kyai Imron iku dudu wong ala lan ibumu dudu wong wadon serong
  29. Siti Maryam nuli aweh isarah (sasmita) supaya padha takon marang bayi mau. Kaume nuli padha takon kapriye anggoningsun ngajak catur bayi kang ana ing bandulan
  30. Ing kono bayi (Isa) mau banjur mangsuli, "Saktemene ingsun iki kawulane Allah, ing tembe panjenengane Allah bakal maringi kitab (Injil) marang ingsun, sarta panjenengane bakal ngangkat ingsun kadadekake Nabi
  31. Lan ana ing ngendi wae panggonanku, Allah bakal amberkahi marang Ingsun maedahi marang manungsa, sarta aku wis didhawuhi sak jeroningsun isih urip kudu nindakake shalat lan aweh zakat
  32. Sarta Ingsun wis didhawuhi supaya bekti marang ibuningsun, Sarta panjenengane ora ngersakake ingsun wong kang gumedhe lan duraka
  33. Sarta ingsun diparingi keslametan ing dina ingsun dilahirake, lan ing dina ingsun mati sarta ing dina ingsun katangekake maneh
  34. Kang wis mengucap mangkono mau yaiku Isa putrane Maryam, kanti pangucap kang dianggep padudon deniing wong - wong mau. (Yaiku bab kahanane Isa)
  35. Ora pisan - pisan Allah mundhut putra, Maha Suci Allah sangka peputra. Dene menawa panjenengane ngersakake nitahake sawijining perkara, panjenengane dhawuh, "Kun" anaa sira, ing kono barang mau banjur ana
  36. Lan saktemene panjenengane Allah Pangeraningsun lan Pangeranira. Awit saka iku sira padha manembaha marang panjenengane. Ya iki dalan kang bener
  37. (Bareng Isa ngandiko mangkono) para manungsa (golongan nasrani) banjur pada sulaya panemune (Dadi telung golongan). Dene siksa neraka kang banget larane iku disediakake kanggo wong kang mungkir (kafir) anggone nekseni dina kang banget gedhene (dina Qiyamat)
  38. Anggumunake wong - wong mau, dene wus padha krungu sarta wis padha sumurup tanda yekti, padha ora percaya anane dina Qiyamat yaiku dina dheweke padha disowanake marang ngarsaningsun nanging wong - wong kang aniaya (kafir) ana ing dina iku tetep ana ing sasar kang nyata
  39. (Muhammad) sira ngelingna wong - wong kafir mau ing dina Hasraah (dina nalangsa dina Qiyamat) yaiku nalika kabeh perkara diputus dening Allah lan wong - wong mau ana ing donya padha lali ora padha percaya marang Allah
  40. Saktemene Ingusn bakal nampa warise bumi (dalah wong sak isine bumi kabeh) lan mung marang ngarsaningsun piyambak wong - wong mau bakal disowanake
  41. Muhammad sira nyritakna critane Ibrahim ana ing sajroning al-Qur'an. Saktemene Ibrahim iku wong kang temen lan dadi nabi
  42. Yaiku critane Ibrahim nalika matur marang bapakne, "Dhuh rama kenging punapa panjenengan teka manembah brahala ingkang mboten mireng lan mirsani, sarta mboten saget ngalang - alangi siksane Allah saking panjenengan
  43. Dhuh rama sajatosipun kula sampun kaparingan ngilmu (kabatisan sarta syariat) ingkang dereng nate kaparingaken dateng panjenengan. Awit saking punika mugi - mugi panjenengan manut ing kula, kula badhe nedahaken margi ingkang leres
  44. Dhuh rama, panjenengan sampun pisan - pisan manembah dhateng syetan, jalaran sejatosipun syetan punika duraka dhateng Pangeran ingkang Maha Welas
  45. Dhuh rama sejatosipun kula ajrih menawi panjenengan kapatrapan siksa saking pangeran kang Maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasih saking Pangeran kang maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasihipun syetan
  46. Ramane Ibrahim mangsuli, "He Ibrahim, yogene gething marang brahala sesembahanku. Menawa kowe ora gelem mareni, yekti Ingsun ranjam, lan nyingkira saka aku saklawase urip
  47. Ibrahim banjur matur maneh, "Kawilujengan mugi tetep ing panjenegan. (Panjenengan badhe kula suwunaken ing Allah pangeran kula mugi - mugi panjenegan dipun tedahna dhateng agami Islam) saha kula badhe nyuwunaken pangapunten dhateng pangeran kula kangge panjenengan, sejatosipun panjenengane Allah sae (welas asih) dhateng kula
  48. (Ibrahim ngendika marang kaume:) "Lan ingsun bakal sumingkir saka sira kabeh lan saka barang kang padha sira sembah sakliyane Allah, lan ingsun bakal manembah marang Pangeraningsun, muga - muga kanthi panembah ingsun marang pangeran iku, ingsun ora dadi wong kang cilaka
  49. Bareng Ibrahim wis sumingkir sangka wong - wong mau lan saka sesembahan sak liyane Allah, dheweke nuli ingsun paringi anak, yaiku ishaq lan Ya'kub, sarta sak klorone iku ingsun angkat dadi nabi
  50. Lan ingsun paring marang dheweke (marang putra wayahe Ibrahim) saka rohmat ingsun, sarta ingsun dadekake dadi wong - wong kang pinuji lan becik sarta diluhurake (ana ing antarane ahli agama)
  51. (Muhammad) nyritakna critane Musa ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang tulus lan resik ati, lan dheweke iku dadi rosul lan dadi nabi
  52. Lan ingsun nimbali dheweke Musa saka gunung Tursina (gunung Sinai) kang ana ing sisih tengen (nalika Musa mlaku saka Madyan) sarta ingsun cedhakake, ingsun paringake timbal pangandika karo Ingsun
  53. Lan ingsun wis paring marang Musa saka asih ingsun (minangka dadi pembantune), yaiku sedulure Harun uga kadadekake nabi
  54. (Muhammad) nyritakna critane 'Ismail ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku wong kang setia tuhu ing janji, lan dheweke iku dadi Rosul lan dadi Nabi
  55. Lan Ismail dhawuh marang para ahline supaya padha nindakake sholat lan ngetokake zakat, lan dheweke iku diriloi ana ing ngersane Pangeran
  56. Muhammad nyritakna critane Idris ana ing kitab al-Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang temen dadi nabi
  57. Lan Ingsun wis ngluhurake dheweke (Idris) ana ing panggonan kang mulya
  58. Kabeh para nabi kang wis kasebut mau kang wis diparingi kanikmatan dening Allah saka golongane nabi - nabi, saka anak turune Adam lan anak turune wong - wong kang ingsun tunggangake prau bareng karo Nuh, lan saka anak turune Ibrahim lan Israil (Ya'kub) lan saka anak turune wong kang wis ingsun paringi pituduh sarta ingsu pilih. Menawa dheweke iku diwacakake ayat - ayate Pangeran kang Maha Welas, wong - wong mau pada sungkem sujud sarta nangis jalaran saka konjeme
  59. Sak pungkure para nabi lan kaum - kaum kang padha becik tumuli ketungka para kaum (Yahudi) kang padha ninggalake sholat sarta mung manut marang kasenengane dhewe. Yekti dheweke bakal padha nemoni piwales jalaran kalacutane
  60. Kajaba wong kang banjur padha tobat lan percaya sarta nindakake kabecikan, wong kang mengkono mau ing tembe bakal mlebu suwarga lan ora dikaniaya sethithik - thithika
  61. Yaiku swarga 'Adn panggonan tetep langgeng kang wis dijanjekake dening Pangeran Kang Maha Welas marang kawulane kanthi ghoib. Saktemene janjine Allah iku mesthi teka
  62. Wong - wong mu'min kang ana ing suwarga ora padha krungu suwara lacut (kang ora nyenengake) kajaba mung keslametan, lan ana ing kono bakal kaparingan rejeki saben esuk lan sore
  63. Swarga iku ingsun warisake (cawisake) marang kawulaningsung kang wedi marang Allah
  64. (Malaikat Jibril matur marang Nabi Muhammad), "Anggen kula tumurun dhateng ing donya sowan ing panjenengan punika, mboten sanes saking dhawuhing pangeran panjenengan. Allah punika ngawuningani (kagungan) sedaya barang ingkang badhe kelampahan (ingkang wonten ngajeng kula) lan ingkang sampun kelampahan (ingkang wonten wingking kula) sarta ingkang wonten ing antawasipin punika. Dene Pangeran panjenengan punika mboten badhe nyupekaken dhateng kawulaningpun
  65. Inggin panjenenganipun punika Pangeraning langit lan bumi sarta sedaya ingkang wonten saantawisipun. awit saking punika panjenengan mugi manembah dhateng Panjenenganipun lan mugi dipun sabarna (mantepna) anggen panjenengan ngibadah dhateng Allah. Punapa panjenengan pirsa bilih sanesipun Allah ngangge nama Allah
  66. (Allah) ngendika, "(Muhammad) wong kafir kang ora percaya bakal tangi saka kubur padha ngucap, "Punapa menawi kula sampun pejah, yektos badhe dipun wedalaken malih
  67. Apa para manungsa (kafir) mau ora eling (ora rumangsa, menawa ingsun wis nitahake dheweke sekawit, lan dheweke iku asale dudu apa - apa)
  68. Demi pangeranira (Muhammad) temen ingsun bakal nangekake (ngumpulake) wong - wong kafir mau lan para syetan - syetane. Ingsun banjur nekakake kabeh wong - wong mau ana ing sakkiwa tengen neraka jahannam kanthi padha mbrangkang
  69. Ingsun banjur milih sangka saben - saben golongan, endi kang luwih gedhe dosane marang pangeran kang Maha welas
  70. Ingsun banjur luwih mungingani marang wong - wong kang luwih banget lan patut dicemplungake ana neraka jahanam
  71. Lan oara ana siji - sijia sangka sira (kang duwe dosa), kajaba teka marang neraka jahanam. Dene anggone ditekake marang neraka jahanam iku minangka ukuman kang wis katemtokake dening pangeranira
  72. (Skawise teka ing neraka) ingsun banjur nylametake wong - wong kang padha taqwa sarta ingsun ninggalake wong - wong kang padha aniaya langgeng ana ing neraka jahannam
  73. Lan nalika para manungsa iku padha diwacakake ayat - ayatingsung kang cetha, wong - wong kafir padha ngucap marang wong kang iman, "Endi antarane rong golongan (ahli agama) iki kang luwih pangkate lan luwih becik panggonane
  74. (Pangandikane Allah mangkene), Biyen sak durunge wong kafir iku, pira wae kehe wong kang ingsun tumpes kanthi siksa, tur padha sugih bandha, omahe becik - becik ujude lan tandange bregas - bregas, dideleng andemenakake
  75. (Muhammad)dhawuha marang wong - wong kafir, "Sing sapa ana ing sakjeroning sasar yekti pangeran kang maha welas andawake umure (karoben suwe anggone sasar) nganti menawa padha weruh kang dijanjekake marang dheweke padha uga bab siksa utawa dina Qiyamat, yekti dheweke padha mangerti sapa kang luwih ala panggonane lan luwih apes balane
  76. Lan panjenengane ALlah bakal nambahi pitedah marang wong - wong kang padha nampa pituduh. Dene kabeh amal kebecikan iku mungguhe pangeranira luwih becik ganjarane lan luwih becik wekasane
  77. (Muhammad) nerangna critane wong kang kafir marang ayat - ayate ingsun, lan dheweke padha ngucap, "Yekti menawa perkara kang disebut - sebut dening Muhammad ing kaherat iku bener temen ing kono aku bakal kaparingan bandha lan anak
  78. Apa dheweke wis sumurup perkara ghoib, utawa dheweke wis gawe perjanjian marang pangeran kang maha welas
  79. Babar pisa ora, Ingsun bakal nulis apa kang diucapake (ing tembe ingsun kanggo melehake) sarta ingsun bakal nambahi siksa marang dheweke
  80. Lan ingsun bakal maris apa kang diucapake dening dheweke lan bakal sowan marang ngarsaningsun ijen (tanpa anak tanpa bondha tanpa kanca)
  81. Lan wong - wong kafir mau padha ngalap pangeran sakliyane ALlah kang pamrihe supaya ngalang - alangi dheweke saka siksa
  82. Babar pisa ora bisa. Brahala sembahan iku bakal mungkiri ing pangibadahe wong - wong musyrik mau, lan ana ing akherat bakal dadi satru
  83. Apa sira durung sumuru, menawa saktemen ingsun wis ngutus syetan - syetan marang wong kang padha kafir kang perlune godha lan anjlomprongake marang wong - wong kafir mau
  84. Awit saka iku sira aja nyuwun enggal - enggal dheweke kapatrapan siksa satemene wis ngetung - etung marang wong - wong mau (nganti tumeka mangsa kang katemtokake kanggo nyiksa)
  85. (He Muhammad) sira nyritakna bab dina QIyamat yaiku dinane ingsun ngumpulake wong - wong kang padha taqwa padha sowan marang ngarsaning pangeran kang maha welas
  86. Lan ingsun giring wong - wong kang padha dosa mau marang neraka jahanam kanthi mlaku darat lan banget ngelake
  87. Ing dina iku wong mau padha ora duweni pitulungan, kajaba wong kang duwe perjanjian ana ing ngersane pangeran kang maha welas
  88. Lan wong - wong kafir mau pdha ngucap, "Allah kang maha murah iku peputra
  89. Yekti saktemene sira kabeh wis nekakake perkara kang kotor temenan
  90. Meh bae pangucapmu iku ngigarake langit lan abengkahake bumi sarta angrubuhake gunung saka dedukaning Allah
  91. AMarga dheweke padha ngarani menawa Pangeran kang Maha murah iku peputra
  92. Ora pantes babar pisan menawa pangeran kang maha welas iku mundhut putra
  93. Ora ana barang kang kumelit ana ing langit lan bumi, kajaba padha siwan marang ngarsaning Pangeran kang maha welas nganti temen - temen ngaku anggone dadi kawula
  94. Saktemene panjenengane wis nguningani cacahe manungsa kabeh, sarta wis ngetung marang siji - sijine wong sarta ala becike
  95. Mbesuk ing dina Qiyamat kabeh wong padha sowan marang ngarsaning Allah ijen tanpa bandha tanpa anak tanpa kanca
  96. (Pangandikaning Allah) saktemene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan yekti pangeran kang Maha welas bakal andadekake wong - wong mau kang kinasih
  97. Saktemene ingsun wis gampangake kitab al-Qur'an iki kawoca dening lisanira, supaya sira bebungah marang won g- wong kang taqwa kanthi kitab al-Qur'an marang wong - wong kang banget anggone madoni iya kanthi al-Qur'an iki
  98. Lan wis pira kehe anggoningsun ngrusak kaum - kaum sakdurungira saka umat - umat kang kepungkur. Apa sira isih nemu salah sijining wong - wong mau, utawa apa sira krungu suwara lamat - lamat sakwise dirusak, wong - wong mau