15.The Rock
- Ingsun Allah, Ingkang-Amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitabb sarta Quranc kang agawé terang
- Kerep baé para kang padha kafir angajab lamuna mauné padha dadi Muslimin
- Padha togna baé, cikbèn padha mangan lan seneng-seneng sarta dhèwèké padha ébra pangarep-arep, amarga dhèwèké bakal énggal padha weruh
- Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhaké marang iki
- Ora ana umat bisa anggégé mangsané kang wus tinamtokaké lan ora bisa nyumenèkaké
- Dhèwèké padha calathu: É, wong kang tinurunan Pépéling, sayekti kowé iku édan temen
- Yagéné kowé ora anekakaké para malaikat marang aku kéné manawa kowé golongané para wong temen
- Ingsun anurunaké para mala- ikat iku ora liya kajaba kalawan yakti, lan tumuli dhèwèké padha ora disumenèkaké
- Sayekti, Ingsun wus anurun- aké Pépéling, lan sayekti iku temen Ingsun kang rumeksa
- Lan sayekti temen Ingsun wus angutus ing saduru- ngira ing bangsa kang dhisik- dhisik
- Lan ora kena ora saben ana sawijining utusan tumeka marang dhèwèké, iku masthi padha di- guguyu
- Kaya mangkono iku Ingsun lebokaké ing ati-atiné para wong duraka
- Marang iku dhèwèké padha ora angèstu, lan temen wus katatalan lakuné para wong kang dhisik-dhisik
- Lan sanajan ta dhèwèké padha Ingsun wenganana lawang ing langit, tumuli nganti suwé padha munggah ing kono
- Amasthi bakal padha calathu: Mripatku mung padha kesérup, malah aku kabèh iki sawijining bangsa kang kena ing kemayan
- Lan sayekti temen, Ingsun wus andadèkaké pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonaké asri tumrap para kang andeleng
- Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké
- Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké
- Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep
- Lan ana ing kono Ingsun wus andadèkaké sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekèni
- Lan ora ana sawijining barang baé kang gedhong pasim- penané ora ana ing Ingsun, sarta iku ora Ingsun turunaké kajaba kalawan pamurwat kang wus kawruhan
- Lan Ingsun angutus angin kang anyuburaké tumuli Ingsun anurunaké banyu saka ing men- dhung, banjur iku Ingsun gawé ombènira, sarta iku dudu sira kang anyimpen
- Lan sayekti, temen Ingsun kang agawé urip lan agawé pati sarta Ingsun kang dadi Waris
- Lan temen Ingsun anguda- nèni sira kang padha ndhisiki sarta temen Ingsun angudanèni kang angèrèni
- Lan sayekti, Pangéranira, iku bakal angimpun dhèwèké; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Angudanéni
- Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké manusa saka lempung garing, saka endhut ireng kang winangun
- Lan jin, iku ing sadurungé, wus Ingsun dadèkaké saka geni kang banget panasé
- Lan nalikané Pangéranira angandika marang para malaikat:a Sayekti, Ingsun andadèkaké ma- nusa saka lempung garing, saka endhut ireng, kang winangun
- Bareng iku wus Ingsun gawé ganep langkep sarta ing jeroné wus Ingsun tiyup sarana ruh-Ingsun, padha tumundhuka marang dhè- wèké, sumujud.a
- Tumuli padha sujud sakèhing malaikat kabèh
- Ananging Iblis ora;b emoh dadi golongané kang padha sujud
- Panjenengané angandika: É, Iblis! apa karanané, déné kowé padha ora dadi golongané kang padha sujud
- Unjuké: Boten badhé kula punika sumujuda dhateng manusa, ingkang Tuwan dadosaken saking lempung garing, saking endhut cemeng ingkang winangun
- Pangandikané: lah metua saka ing kono, awit sayekti, sira iku katundhung
- Lan sayekti, wewelak tumiba marang sira tumeka ing dina pancasan
- Unjuké: Pangéran kawula! mila mugi aparing sumené ing kawula dumugi ing dintenipun piyambakipun sami tinangèk- aken
- Pangandikanipun: Lah sayek- ti, sira iku kagolong para kang pinaringan sumené
- Tumeka dinaa wayah kang wus kawruhan
- Unjuké: Pangéran kawula! sarèhning Tuwan sampun mancasi kawula dhumawah ing sasar, saèstu, awon badhé kawula damel anengsemaken tumrap piyambak- ipun wonten ing bumi, sarta saèstu kawula badhé anasaraken piyam- bakipun sadaya
- Kajawi para kawula Tuwan saking golonganipun, ingkang sami sinuci
- Pangandikané: Iki dalan jejeg ingatasé Ingsun
- Sayekti, para kawula-Ningsun, iku sira ora duwé kawasa tumrap marang dhèwèké, kajaba para sasar kang padha manut ing sira
- Lan sayekti, naraka iku eng- gon kang dijanjèkaké ing dhèwèké kabèh
- Iku ana koriné pitu; siji- sijining kori kabubuhan dhèwèké sabagéan kang pinantha
- Sayekti para wong bekti iku bakal padha ana ing sajroning patamanan sarta susumberan
- Padha lumebua mrono kala- wan rahayu, tentrem
- Lan Ingsun bakal ambirat apa kang ana ing dhadhané kang arupa pangunek-unek __ kaya sadulur, ana ing dhampar padha arep-arepan
- Ana ing kono sayah ora bakal angenani dhèwèké sarta ora bakal padha diwetokaké saka ing ko- no
- Wartanana para kawula-Ning- sun manawa Ingsun iku Ingkang- Aparamarta, Ingkang-Mahaasih
- Lan manawa siksa-Ningsun iku siksa kang anglarani
- Lan padha wartanana prakara dhayoh-dhayohé Ibrahim
- Nalika padha malebu marang panggonané banjur padha acala- thu: Rahayu. Wangsulané: Saèstu, kula ajrih dhateng panjenengan
- Padha calathu: Sampun sam- péyan ajrih, saèstu, kula suka wartos bibingah dhateng sampé- yan, sampéyan badhé sinungan putra jaler, sugih kawruh
- Calathuné: Kados pundi pan- jenengan aparing wartos bibingah ing kalanipun kula sampun dumugi umur sepuh? __ Lah, punapa ta baya wartos bibi- ngah ingkang panjenengan paring- aken kula
- Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampéyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampéyan dados èwoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng
- Calathuné: Lan sinten ing- kang putung pangajeng-ajengipun dhateng wilasaning Pangéranipun kajawi para tiyang sasar
- Calathuné: lajeng punapa perlu panjenengan, dhuh para utusan
- Padha calathu: Saèstu, kula sami dipun utus dhateng ing umat ingkang sami duraka
- Kajawi para pandhèrèkipuna Luth:b Saèstu, punika sami badhé kula wilujengaken sadaya
- Kajawi rabinipun; sampun kula tamtokaken, saèstu piyambak- ipun kalebet golonganipun para ingkang sami kantun
- Bareng para utusan tumeka marang pandhèrèké Luth,c
- Dhèwèké calathu: Saèstu, panjenengan punika titiyang ing- kang boten kasumerepan
- Padha calathu: O, dhateng kula ing ngriki kalayan barang ingkang ing ngriku piyambakipun sami amabeni
- Sarta anggèn kula andhatengi sampéyan punika kalayan yakti tuwin kula punika saèstu sami temen
- Milanipun sampéyan késah kaliyan pandhèrèkd sampéyan ing péranganing dalu sarta sampéyan kinthil wingkingipun, punapa déné sampéyan sadaya sampun ngantos wonten satunggal kémawon ing- kang tumolih, sarta sampéyan terus dhateng pundi ingkang kaparén- tahaken dhateng sampéyan
- Lan Ingsun wedharaké ma- rang dhèwèké pancasan iki, yaiku oyodé iki bakal dikethok ing wayah bangun
- Lan wong-wong kutha padha teka, abungah-bungah
- Dhèwèké calathu: Sayekti iki dhayoh-dhayohku, mulané aja kowé padha agawé nisthaku
- Sarta padha diprayitna ma- rang Allah tuwin aja padha amirangaké aku
- Padha calathu: Apa aku ora wis padha anglarangi kowé tumrap wong-wong
- Dhèwèké calathu: Iki lho anak-anakku wadon, manawa kowé padha arep agawé
- Dhemi umurira! sayekti dhè- wèké iku padha bingung mak- makan ing dalem mendemé
- Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah mlethèking sréngéngé
- Tumuli Ingsun walik, lumahé dadi dhasaré sarta Ingsun udani watu kaya kang wus dadi pan- casan.b
- Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha aniti-niti
- Lan iku sayekti ana ing dadalan kang isih ana
- Sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap para angèstu
- Lan wong kang padha dudu- nung ing gagrumbulan, temen iya padha atindak dudu
- Mulané Ingsun anibakaké wawales ing dhèwèké, sarta sayekti, sakaroné temen ana ing dalan umum kang di- turut
- Lan sayekti, para wong ing Al-Hijr temen padha anggorohaké para utusan
- Lan Ingsun wus anekakaké timbalan-timbalan-Ingsun, ananging iku dhèwèké padha mléngosi
- Lan dhèwèké padha natahi gunung minangka omah, kalawan padha aman
- Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah bangun-ésuk
- Lah apa kang pinakolih ora makolihi marang dhèwèké
- Lan anggon-Ingsun anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing antarané iku ora liya kajaba kalayan yakti. Lan sayekti, wayahé temen tumeka; mulané sira sumingkira kalawan paramarta utama
- Sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Anitahaké sagung dumadi, Ingkang-Angudanèni
- Sayekti, temen Ingsun wus amaringaké marang sira pitung kang tansah dibolan-balè- ni sarta Quran kang agung
- Sira aja banget mandengaké mripatira marang apa kang wus Ingsun paringaké marang golongan sawenéhé minangka bubungah, sarta aja sira susah tumrap prakara dhèwèké apa déné dilembah ma- nah marang para angèstu
- Lan calathua: Sayekti, aku iki juru-pépéling kang terang
- Kaya déné anggon-Ingsun anurunaké marang para kang angalang-alangi
- Yaiku para kang padha anga- rani Quran iku panggorohan
- Lah, dhemi Pangéranira, tem- en Ingsun bakal andangu dhèwèké kabèh
- Ing sabarang kang wus padha dilakoni
- Mulané terangna kalawan ngeblak apa kang diparéntahaké marang sira sarta sumingkira saka kang manembah pangéran akèh
- Sayekti, Ingsun bakal anyu- kup ing sira saka panglawané para kang padha angguguyu
- Yaiku para kang padha agawé sisihaning Allah sesembahan liya; lah dhèwèké bakal tumuli weruh
- Lan sayekti Ingsun temen angudanèni, yèn sira dadi bebeg dhadhanira amarga saka pangu- capé
- Mulané, mahasucèkna kala- wan pangalembananing Pangéra- nira, sarta dadia golongané para kang padha sumungkem
- Apa déné ngawulanana Pangéranira nganti barang yakin iku anekani sira